Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
90 dari 234
499–500 dari 1.487
4.990–4.999 dari 14.865
090.023 pinalawungakên sakèhing gêgaman | mawur têtiyang alit | sami pamondhokan | wênèh angguyang kuda | asuka-suka ing wêngi | nèng pondhokira [11: 47: po...ndhokira] | tan ngangge dèn ropohi ||
090.024 kang sawênèh eca dènira anendra | dyan kawarnaa malih | têtiyang Makasar | ingkang angungsi wana | asêdya aso kariyin | nora apisah | sabature arakit ||
090.025 tiyang Makasar tahasi lumayua | apan sêdyaa bali | sarencang wus rêmbag | ing wau sêdyanira | arsa angamuk ing wêngi | sêdhênge uga | wong Mataram aguling ||
090.026 sampun sami apadandanan ing wana | watara têngah wêngi | Galèngsong ngandika | payo sêdhênge mara | amukên wong ing Matawis | ajana pisah | barênga ing ajurit ||
090.027 yèn anêmpuh alah payo babar pisan | aja sira anggopi | angamuk karampak | lah kawusêna pisan | pamondhokane ing mangkin | sira obonga | dimèn kuwur wong cili ||
090.028 lah tunjangên ingkang parêk tumbakana | sampun arêmbag pikir | anulya umangsah | lan sagêgamanira | sêdya angamuk ing wêngi | pan pinilihan | têtiyang kang abêcik ||
090.029 tan akathah wong Makasar kang umangsah | watara kawan biting | apan ta sadaya | sami pêpênêdira | Galèngsong kang anindhihi | pan sampun prapta | pondhoke wong Matawis ||
090.030 wong Mataram sami sakeca kang manah | tan adarbe kuwatir | ingkang wikan mojar | lah ika batur apa | swarane pating barêkik | lah oborona | sawènèh ana wuri ||
090.031 ika buron wana maring [11: 48] pamondhokan | ya ta nora aganti | nrajang pasanggrahan | wong Makasar asurak | alah amuk wong Matawis | sata angrunjang | pondhok dipun obongi ||
090.032 apuyêngan wadyabala ing Mataram | dene ingamuk wêngi | pan tunjang-tinunjang | tambuh mungsuh lan rowang | apati gagap-gagapi | mawur puyêngan | akathah ingkang mati ||
499–500 dari 1.487