Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
90 dari 234
497–498 dari 1.487
4.969–4.978 dari 14.865
090.002 Raja Galèngsong sineba dening bala | miwah para prajurit | lawan kang santana | ingkang sami katrêsnan | ingkang ngêtutakên mêksih | sami prawira | tate amangun jurit ||
090.003 Raja Galèngsong ngandika mring santana | aran Dhaèng Makinci[1] | lah kapriye bapa | wartane wong Mataram | wartane iya mèh prapti | apan sumêdya | anggêcêk marang mami ||
090.004 ya ta Dhaèng Makinci sigra turira | èstu ujaring warti | tiyang ing Mataram | lawan măncanêgara | sumêdya gêcêk ing ngriki | kadya mèh prapta | amapag ing ajurit ||
090.005 Raja Galèngsong sigra dènnya ngandika | iya bapa abêcik | lamun wong Mataram | amapag maring ingwang | yèn muliha awak mami | marang Makasar | langkung dening aisin ||
090.006 angur ingsun matia ana ing Jawa | nora asae mulih | angur ngong lajua | aja tanggung ing lampah | sun bêdhahe ing Matawis | angur matia | mulih tan angsal kardi ||
090.007 lah sakèhe wong ingsun têka Makasar | padha sun ajak mati | ywa tanggung ing lampah | angur payo lajua | parandene sira mulih | tan angsal karya | angur matiyèng ngriki ||
090.008 yèn wong Mataram prapta angantêp yuda | lah papagên [11: 45: papa...gên] tumuli | yèn kakehan lawan | iya padha mundura | sira amuka ing wêngi | dimone uga | kawur tangkêp ing jurit ||
090.009 sampun rêmbag sakèhe para santana | dyan kawarnaa malih | wadya ing Mataram | saha bala sumahap | sumêdya angantêp jurit | pinaju tiga | gêlarirèng ajurit ||
090.010 kang mêtu kilèn wadyabala Mataram | kang mêdal saking kori | sira Ănggajaya | lawan sakancanira | ingkang mêdal kanan singgih | Ki Darmayuda | sakancanya ngêbyuki ||
090.011 kadya gêrah surake wadya Mataram | sami prayitnèng wèsthi | biting ing Makasar | apan sampun anglela | inguluk-ulukan bêdhil | suraking bala | lwir udan awor angin ||
497–498 dari 1.487

 


Makincing (dan di têmpat lain). (kembali)