Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
90 dari 234
501–502 dari 1.487
5.008–5.017 dari 14.865
090.041 wong Makasar ngungsêd sinêdya ing manah | tiyang măncanagari | pan ingêsuk pisan | marang nagarinira | tiyang bang wetan awingwrin | mêngsah Makasar | kawus manah anjaring ||
090.042 samya giris manahe tiyang bang wetan | Pajarakan ambalik | gêmbong Prabalingga | kalawan Pasuruan | apan ta sampun ambalik | ing Wirasaba | apan sampun ambalik ||
090.043 tiyang măncanagari miris sadaya | wêdanane ambalik | ya ta kawarnaa | sira Panji Karsula | anèng Japan sêdhih kingkin | dening miyarsa | wong bang wetan ambalik ||
090.044 Pajarakan Prabalingga Pasuruan | ing Gêmbong wus ambalik | miwah ing Lumajang | Sarêngat lan Balitar | ing Kartasana ambalik | tiyang bang wetan | apan giris awingwrin ||
090.045 Panji Karsula langkung èmêng ing manah | arsa banjêl ing jurit | apan datan ana | wau ingkang ngadua | măncanagara ambalik | tiyang Mataram | sampun mawut awingwrin ||
090.046 langkung merang yèn mantuka [11: 50: ma...ntuka] mring Mataram | măngsa sêdyaa urip | dukaning narendra | ya ta Panji Karsula | anèng ing Japan nagari | datan akarsa | wau dèn usadani ||
090.047 tan kawarna Panji Karsula wus pêjah | anèng Japan anênggih | sampun ingastana | wontên mantri Mataram | lumaywa atur upaksi | dhatêng sang nata | Sri Bupati Matawis ||
090.048 yèn pun Panji Karsula lampahe tiwas | pêrangipun kalindhih | wong măncanagara | sampun balik sadaya | tiyang bang wetan awingwrin | mring wong Makasar | sadaya sami balik ||
090.049 pun Panji Karsula pêjah wontên ing Japan |[1] pêjahipun asakit | prabu ing Mataram | langkung dènnya bramantya | kumêjot padoning lathi | dening miyarsa | măncanagara balik ||
090.050 angandika sri narendra ing Mataram | sakèhe wong pasisir | lah padha muliha | adandana sadaya | iya wong Dêmung ing mangkin | lah lurugana | sakèhe wong pasisir ||
501–502 dari 1.487

 


Lebih satu suku kata: pun Panji Karsula pêjah wontên Japan. (kembali)