Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
91 dari 234
504–505 dari 1.487
5.035–5.044 dari 14.865
091.017 Barêbês lawan Tatêgil | Wiradesa lan Pamalang | Dêmak Sêmarang wus dene | ing Kudus Pathi Juwana | Rêmbang lan Pajangkungan | Lasêm wus pêpak supênuh | anèng nagari Japara ||
091.018 prasami arêmbag pikir | para dipati sadaya | baita sampun sumaos | wau anèng ing muara | angêbêki samodra | Ki Wăngsadipa sêsugun | mring niyaka ing Mataram ||
091.019 ya ta angandika aris | Radèn Prawirataruna | lah kadipundi rêmbage | inggih kakang Wăngsadipa | prakawis pun Walănda | sawarnine kang atungguk | nèng muara ing Japara ||
091.020 pangandikane narpati | apan ta kinèn bêktaa | Kumpêni ing sawarnine | dhatêng ing Dêmung punika | sawêg dika tarosa | kalamun ta botên purun | pangandikane sang nata ||
091.021 kinèn nundhunga tumuli | inggih saking ing Japara | rinaos tambuh gawene | lawan angribêdi manah | manawi tan sawêkca | Kumpêni ing sêdyanipun | mila mangke winêkasan ||
091.022 pun Wăngsadipa turnyaris | mring Radèn Prawiratruna | inggih kawula tarose | mangke Kumpêni punika | kadipundi kang karsa | ya ta tinimbalan sampun | ingkang wontên ing muara ||
091.023 amung têtiga anênggih | Kumpêni pangajêngira | Kapitan Wulkup wastane | lan Sareyandrop punika | kopralipun satunggal | kapat juru tulisipun | tan kawarna [11: 54: ka...warna] sampun prapta ||
091.024 ing ngarsane pra dipati | pasisir lawan Mataram | prasami pêpakan kabèh | Ki Ngabèi Wăngsadipa | aris dènira mojar | timbalane sang aprabu | kapitan marang ing sira ||
091.025 mungsuh Makasar kang prapti | tinêmpuhakên ing sira | pangandikane sang katong | sira kinèn andhèrèka | iya maring rahadyan | anglurug marang ing Dêmung | amapaga wong Makasar ||
091.026 yèn sira tan ananggupi | ing parentah sri narendra | pangandikane sang katong | sira kinèn anundhunga | iya saking Japara | aja ngrêribêdi laku | kayapriye aturira ||
504–505 dari 1.487