Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
91 dari 234
504 dari 1.487
5.031–5.040 dari 14.865
091.013 waos binang lawan jinggring | kang cêmêng kumbala badhak | waos sulam lan bung ampèl | kang adi[1] cucuking yuda | ingkang sanjata lanang | kadya kilat gêbyaripun | lwir gêrah swaraning bala ||
091.014 asrang pangriking turanggi | kalawan kriciking watang | anglir pendah sagara rob | lêlayu yèn tinon amyang | katub ing samirana | tan kawarna lampahipun | sampun prapta ing Japara ||
091.015 arêrêb sagunging baris | Radèn Prawirataruna | apan ta sampun amondhok | anèng salêbêting kitha | andhèr wadya Mataram | kalangkung dènnya sêsugun | Ki Ngabèi Wăngsadipa ||
091.016 pêpak sakèhing dipati | sumados anèng Japara | tiyang pasisir bang kilèn | pan sampun prapta sadaya | kapanggih ing Japara | ing [11: 53] Kêndhal lan Kaliwungu | ing Batang lan Pakalongan ||
091.017 Barêbês lawan Tatêgil | Wiradesa lan Pamalang | Dêmak Sêmarang wus dene | ing Kudus Pathi Juwana | Rêmbang lan Pajangkungan | Lasêm wus pêpak supênuh | anèng nagari Japara ||
091.018 prasami arêmbag pikir | para dipati sadaya | baita sampun sumaos | wau anèng ing muara | angêbêki samodra | Ki Wăngsadipa sêsugun | mring niyaka ing Mataram ||
091.019 ya ta angandika aris | Radèn Prawirataruna | lah kadipundi rêmbage | inggih kakang Wăngsadipa | prakawis pun Walănda | sawarnine kang atungguk | nèng muara ing Japara ||
091.020 pangandikane narpati | apan ta kinèn bêktaa | Kumpêni ing sawarnine | dhatêng ing Dêmung punika | sawêg dika tarosa | kalamun ta botên purun | pangandikane sang nata ||
091.021 kinèn nundhunga tumuli | inggih saking ing Japara | rinaos tambuh gawene | lawan angribêdi manah | manawi tan sawêkca | Kumpêni ing sêdyanipun | mila mangke winêkasan ||
091.022 pun Wăngsadipa turnyaris | mring Radèn Prawiratruna | inggih kawula tarose | mangke Kumpêni punika | kadipundi kang karsa | ya ta tinimbalan sampun | ingkang wontên ing muara ||
504 dari 1.487

 


dadi. (kembali)