Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
91 dari 234
503–504 dari 1.487
5.022–5.031 dari 14.865
091.004 aywa ngrêrubêdi pikir | Prawiratruna tur sêmbah | saksana kondur sang katong | malêbêt ing dalêm pura | kang sowan aluwaran | tan kawarna solahipun | tiyang pasisir sadaya ||
091.005 asêmadosan kapanggih | iya nagari Japara | apan sampun mantuk kabèh | sami adandan baita | miwah ingkang gêgaman | mangkana ingkang winuwus | Radèn Prawirataruna ||
091.006 pan sampun amêpak baris | Radèn Prawirataruna | lwir grah kapitu swarane | gêgaman wus amêlatar | lwir ombaking samodra | awarna-warna dinulu | kadi ta prawata sêkar ||
091.007 sampun siyaga waradin | tiyang Prawiratarunan | apadene piyandêle | ing ayuda wis siyaga | miwah para santana | rahadyan ingkang winuwus | apan sampun asiyaga ||
091.008 lagya apamit ing rabi | kalawan kang para putra | rahadèn alon dêlinge | lah uwis padha kariya | kalamun awak ingwang | yèn ta besuk nora mantuk | sun atitip putranira ||
091.009 momonga kang kari-kari | dèn abisa ingsun tilar | yèn ana galap gangsule | ingsun iki lawan sira | sapura sinapura [11: 52: sina...pura] | ewuh aya wong anglurug | manawa tumêkèng pêjah ||
091.010 pan uwus karasèng ati | milane sira sun warah | iya sun wêkas mêngkono | ingsun yayi pinitayan | dening sri naranata | ngundurkên mungsuh ing Dêmung | yèn ora ambangkat karya ||
091.011 ingsun ora sae mulih | lah uwis padha kariya | dèn bisa sawuriningong | kang garwa sami karuna | ya ta datan kawarna | solahira among wuyung | rahadèn pan sampun bubar ||
091.012 lwir gêrah wadya ing jawi | radèn anitih turăngga | abra murub busanane | budhal ingiring ing wadya | miwah para santana | gêgaman abra dinulu | yèn tinon awarna-warna ||
091.013 waos binang lawan jinggring | kang cêmêng kumbala badhak | waos sulam lan bung ampèl | kang adi[1] cucuking yuda | ingkang sanjata lanang | kadya kilat gêbyaripun | lwir gêrah swaraning bala ||
503–504 dari 1.487

 


dadi. (kembali)