Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
92 dari 234
507–508 dari 1.487
5.063–5.072 dari 14.865
092.017 milanê Ki Trunajaya | tan anunggal ngadhêp ingkang nagari | manawi ta wong Matarum | angrusak ing Madura | lan maninge manawa kèngsêr ing Dêmung | sêdyane Ki Trunajaya | arsa bokong saking wuri ||
092.018 kawarnaa kang utusan | sampun prapta Madura kintun wêling | samana pan sampun katur | mring Radèn Trunajaya | lamun wontên ing wau utusanipun | Radèn Prawirataruna | anuli dipun timbali ||
092.019 nanging kaki Trunajaya | masang wadi api-api asakit | utusan wus prapta sampun | angaturakên surat | tinanggapan ya ta binuka sratipun | sinuksma jroning wardaya | pèngêt bêbukaning tulis ||
092.020 kang sêrat sira Rahadyan | Prawirataruna nagri Matawis | saha salam donganipun | dhumatênga kang wayah | ing Madura Trunajaya wiyosipun | timbalane sri narendra | marang pakanira kaki ||
092.021 mulane wong ing Madura | boya seba iya marang Matawis | katur marang sang aprabu | kalamun pakanira | kang apênging asebaa mring Matarum | apa nyata mêngkonoa | iya ujaring pawarti ||
092.022 lan maninge wong Madura | kinèn ngêrig dening sri [11: 58] narapati | anglurug marang ing Dêmung | anggêcak wong Makasar | sampun tamat kang sêrat wiraosipun | angling Radèn Trunajaya | maring utusan amanis ||
092.023 alah ta sira matura | marang eyang nora sêdya angipi | kalamun ta awak ingsun | ngukuhana Madura | apênginga aseba marang Matarum | saking edane wong Sampang | tan kêna dèn parentahi ||
092.024 ing mangke wontên parentah | angêriga tiyang Madura iki | anglurug marang ing Dêmung | ingsun dhatêng sumăngga | sampun siyang gih sanadyana ing dalu | manira dhatêng sumăngga | kang abdi saos ing kardi ||
092.025 nanging ta awak manira | nora miyang inggih lajêng asakit | nanging kang abdi sadarum | manira kèn lumampah | rumiyina dene mêngko sapungkurmu | wong Madura lagi dandan | nusul maring Surabanggi ||
092.026 ya ta sampun sinambrama | kang utusan kalawan pinisalin | ya ta anuli tinundhung | duta amit anêmbah | sampun mikat datan kawarna ing ênu | wus prapta ing Surabaya | apanggih kalawan gusti ||
507–508 dari 1.487