Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
92 dari 234
506–507 dari 1.487
5.057–5.066 dari 14.865
092.011 pan tambuh winalêsêna | pan kawratan wau dananing gusti | kang wadya sadayanipun | ngajap têmpuhing yuda | pan ing kono benjang goningsun anaur | ing danane gustiningwang | sun saurane lan pati ||
092.012 pêpakan para niyaka | wong pasisir sami agunêm pikir | Prawirataruna muwus | marang para nayaka | kadipundi ing karsa padha ngong tantun | aprakawis ing Madura | lah kadipundi ing mangkin ||
092.013 datan sowan ing Mataram | mèh sawarsa malah punjula mangkin | manira iki ingutus | ana ing Surabaya | wong Madura sawiji tan ana muncul | pangandikane sang nata | kinèn mariksa rumiyin ||
092.014 mangke nêdha ingutusan | karuhane yèn ala lan abêcik | para dipati arêmbug | kawula amiyarsa | Trunajaya kang bêbêg sawarninipun | mila tiyang ing Madura | tan sowan dhatêng Matawis ||
092.015 prayogi yèn ingutusan | kantênane sampun ngribêdi pikir | ya ta rahadèn angutus | marang pitayanira | apan sarwi binêktanan sêratipun | winèhkên Ki Trunajaya [11: 57] | ing Sampang kang anunggoni ||
092.016 utusan sampun lumampah | ênêngêna kang anèng Surabanggi | kocapa ingkang winuwus | sira Ki Trunajaya | apan lagi punika saking ing Dêmung | pan sampun eca kang rêmbag | lan Raja Galèngsong mangkin ||
092.017 milanê Ki Trunajaya | tan anunggal ngadhêp ingkang nagari | manawi ta wong Matarum | angrusak ing Madura | lan maninge manawa kèngsêr ing Dêmung | sêdyane Ki Trunajaya | arsa bokong saking wuri ||
092.018 kawarnaa kang utusan | sampun prapta Madura kintun wêling | samana pan sampun katur | mring Radèn Trunajaya | lamun wontên ing wau utusanipun | Radèn Prawirataruna | anuli dipun timbali ||
092.019 nanging kaki Trunajaya | masang wadi api-api asakit | utusan wus prapta sampun | angaturakên surat | tinanggapan ya ta binuka sratipun | sinuksma jroning wardaya | pèngêt bêbukaning tulis ||
092.020 kang sêrat sira Rahadyan | Prawirataruna nagri Matawis | saha salam donganipun | dhumatênga kang wayah | ing Madura Trunajaya wiyosipun | timbalane sri narendra | marang pakanira kaki ||
506–507 dari 1.487