Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
92 dari 234
507–508 dari 1.487
5.069–5.078 dari 14.865
092.023 alah ta sira matura | marang eyang nora sêdya angipi | kalamun ta awak ingsun | ngukuhana Madura | apênginga aseba marang Matarum | saking edane wong Sampang | tan kêna dèn parentahi ||
092.024 ing mangke wontên parentah | angêriga tiyang Madura iki | anglurug marang ing Dêmung | ingsun dhatêng sumăngga | sampun siyang gih sanadyana ing dalu | manira dhatêng sumăngga | kang abdi saos ing kardi ||
092.025 nanging ta awak manira | nora miyang inggih lajêng asakit | nanging kang abdi sadarum | manira kèn lumampah | rumiyina dene mêngko sapungkurmu | wong Madura lagi dandan | nusul maring Surabanggi ||
092.026 ya ta sampun sinambrama | kang utusan kalawan pinisalin | ya ta anuli tinundhung | duta amit anêmbah | sampun mikat datan kawarna ing ênu | wus prapta ing Surabaya | apanggih kalawan gusti ||
092.027 Radèn Prawirataruna | kang utusan matur sarwi ngabêkti | wus katur sasolahipun | ya ta sira rahadyan | pan angunadika[1] radèn sampun wêruh | lamun sinăngga ing krama | nanging ta dipun ecani ||
092.028 sok kondura wong Makasar | wong Madura gampang kapanggih wingking | rahadèn sampun arêmbug | arsa anuli bubar | ya ta nuli anumpak baitanipun | ing pasisir kadya [11: 59] gêrah | swaraning kang wadya alit ||
092.029 baita awarna-warna | apadene baitaning Kumpêni | ing laut umyung gumuruh | sami nêmbang têngara | apan sarêng dènnya bubar layaripun | sami masang tunggulira | saksana katub ing angin ||
092.030 lwir paksi krêndha rêratyan | pan asarêng angambara ing langit | yèn tiningalan malêdug | sagara kaèbêgan | sarêng layar saking jêmbar sagaragung | baita pating salêbar | dening baita Kumpêni ||
092.031 winastan baita kapal | pan alayar anèng wuri atêbih | tan kawarnaa ing ênu | dènnya layar wus prapta | Panarukan aminggir baitanipun | tiyang pasisir sadaya | wus sami prayitnèng wèsthi ||
092.032 wus minggir ingkang baita | ênêngêna para mantri pasisir | wau kang anèng ing Dêmung | Galèngsong amiyarsa | lamun tiyang ing Matawis sampun rawuh | kalawan para dipatya | kêrigan tiyang pasisir ||
507–508 dari 1.487

 


angunandika. (kembali)