Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
92 dari 234
508–509 dari 1.487
5.079–5.088 dari 14.865
092.033 Raja Galèngsong ngandika | pan pinêpak sakathahing prajurit | miwah ta santananipun | apan sami arêmbag | wong Makasar sumêdya sarêng agêmpur | antigan sapatarangan | Raja Galèngsong mangkya ngling ||
092.034 lah kakang Dhaèng Marewa | adandana sakapraboning jurit | manira arsa amêthuk | jurite wong Mataram | dèn prayitna ajana mundur ing kewuh | pawartane wong Mataram | baitane wus aminggir ||
092.035 dening ta sêdya manira | ing ayuda sun panggihi pasisir | lawan mêpaka parahu | sasampan lan lalanang [11: 60: lala...nang] | pilihana baita kang kukuh-kukuh | manawa prang ing sagara | saosa baita alit ||
092.036 lah dhayungana kewala | marmitane sun nganggo baitalit | akêbat ing watêkipun | lêmbing sira pêpaka | lah manawa amapag pêrang ing laut | lah sisiwonên kewala | ingsun dhewe angawaki ||
092.037 sakèhe wong têtêlukan | măncanagara ana buri têbih | manawa tan lămba kayun | wantu wong dudu băngsa | Dhaèng Mrewa ya ta wau awotsantun | kondur angundhangi bala | têngara tinêmbang muni ||
092.038 tiyang Makasar sadaya | wus siyaga sakapraboning jurit | angajrihi tandangipun | wantune wong Makasar | ngangah-angah yèn angarêpakên mungsuh | dèning ta kaya agea | atêmpuha ing ajurit ||
092.039 Raja Galèngsong siyaga | wus rinakit sakapraboning jurit | kang jimat sampun rinasuk | sêdya ngantêp ing yuda | wus siyaga Raja Galèngsong dyan mêtu | ingiring para santana | sakapraboning ajurit ||
092.040 anitih ingkang turăngga | busananya yèn tinon tuhu asri | pan kawarna polahipun | wong Makasar lir yêksa | Radèn Wăngsataruna sabalanipun | aminggirakên kang palwa | miwah wadya ing pasisir ||
092.041 akathah kang dèrèng prapta | wong pasisir angambang ing jaladri | miwah ta baitanipun | Kumpêni nèng samodra | nanging Rănggasidayu wau kang rawuh | lan Ngabèi Singawăngsa | para prajurit [11: 61: pra...jurit] Matawis ||
092.042 wus sami prapta sadaya | sami mêntas anèng pinggir gêgisik | ya ta asiyaga sampun | sadandananing yuda | pan andhêndhêng wong Mataram barisipun | gêgaman awarna-warna | anèng pinggiring pasisir ||
508–509 dari 1.487