Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
92–93 dari 234
509–510 dari 1.487
5.086–5.095 dari 14.865
092.040 anitih ingkang turăngga | busananya yèn tinon tuhu asri | pan kawarna polahipun | wong Makasar lir yêksa | Radèn Wăngsataruna sabalanipun | aminggirakên kang palwa | miwah wadya ing pasisir ||
092.041 akathah kang dèrèng prapta | wong pasisir angambang ing jaladri | miwah ta baitanipun | Kumpêni nèng samodra | nanging Rănggasidayu wau kang rawuh | lan Ngabèi Singawăngsa | para prajurit [11: 61: pra...jurit] Matawis ||
092.042 wus sami prapta sadaya | sami mêntas anèng pinggir gêgisik | ya ta asiyaga sampun | sadandananing yuda | pan andhêndhêng wong Mataram barisipun | gêgaman awarna-warna | anèng pinggiring pasisir ||
092.043 Ki Ngabèi Pulangjiwa | lan malihe Ki Panji Wirabumi | Ki Wirawăngsa anggêrgut | lawan Suramênggala | iya iku para prajurit Matarum | polahe lir wardu angga | ngajap têmpuhing ajurit ||
092.044 datan adangu sêmana | wong Makasar amêtoni ing jurit | sarta sagêgamanipun | bêndhenira tinêmbang | angajrihi wong Makasar tandangipun | anglir pendah saradula | prasamya aonclang lêmbing ||
092.045 tiyang Mataram tumingal | lamun tiyang Makasar amêtoni | anêmbang têngaranipun | kumrab bala Mataram | wong pasisir akathah kang dèrèng rawuh | kasêlêk mungsuh kang prapta | tan ana sêdya ngunduri ||
93. Durma
093.001 ya ta mara prajurite wong Makasar | Galèngsong kang nindhihi | kadya saradula | galak amăngsa sarpa | kadya bajo angajawi | mara ing ngarsa | sarwi aonclang lêmbing ||
093.002 sigra mangsah kang wadyabala Mataram | sêdya ngantêp ing jurit | ya ta binêdhilan | anêmpuh wong Makasar | swaraning sanjata muni | lwir langit rêbah | mimis kadi garimis ||
093.003 nora kondur tiyang Makasar kang mara | prasamya bèr kawanin | sêdyaning ayuda | soroh amuk kewala | wong Mataram anadhahi [11: 62: anadhah...i] | têmpuhing yuda | lwir ngobahêna bumi ||
093.004 wong Makasar tan kandhêg dening sanjata | angamuk karo lêmbing | wênèh lan curiga | ingkang kapurug bubar | akathah ingkang ngêmasi | tiyang Makasar | angamuk karo cundrik ||
509–510 dari 1.487