Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
93 dari 234
512–513 dari 1.487
5.118–5.127 dari 14.865
093.027 Radèn Prawiratruna têtêg ing yuda | panggah prawirèng jurit | kang santana têlas | mila ngamuk prayangga[1] | apan sampun ambêg pati | sira rahadyan | angamuk ngobat-abit ||
093.028 Sewajaya kalawan pun Sewabăngsa | pan sampun ambêg pati | angamuk manêngah | wong Makasar kwèh pêjah | Raja Galèngsong aruntik | ngatag santana | pan angamuk pribadi ||
093.029 Radèn Prawiratruna pangamukira | pan sampun nandhang kanin | kang para santana | tumpês sami pralaya | anèng têngahing ajurit | Ki Sewajaya | pan sampun nandhang kanin ||
093.030 Sewabăngsa undure atawan brana | lindhung tangkêping jurit | nanging ta rahadyan | pangamuke kotbuta | nanging ta wus nandhang kanin | nora ngapaa | nadyan ta nêdya urip ||
093.031 dyan ningali santananira pan têlas | saya mangungkih wani | têtiyang Makasar | akathah ingkang pêjah | karepotan ing ajurit | sira rahadyan | kang ngampingi wus ênting ||
093.032 Sewajaya mandhêg anungkêmi pada | matur sarwi anangis | wus anandhang brana | dhuh gustiku rahadyan | punika lamun sawawi[2] | arêbat papan | ngantosi wong pasisir ||
093.033 abdi santana sampeyan sampun têlas | kawula nandhang kanin | taha ta kawula | yèn wêdosa palastra | awêlas dhatêng ing gusti | sêdya kawula | gusti aso rumiyin ||
093.034 lah suwawi gusti anumpak baita | angungsi ing jaladri [11: 66] | têtiyang Mataram | sampun kuwur sadaya | datan kêni pinapulih | sambi ngantosan | têtiyang ing pasisir ||
093.035 dyan tinurut ature Ki Sewajaya | kondur dhatêng pasisir | têtiyang Mataram | sami rêbat baita | sawênèh ingkang anglangi | pating karambang | tan antuk baitèki ||
093.036 wong Mataram anglir gabah ingintêran | wênèh baita alit | kêkathahên rewang | kèrêm pating karambang | kang rêbat palwa tanpolih | gêbyur kewala | anglangi ing jêladri[3] ||
512–513 dari 1.487

 


priyăngga. (kembali)
suwawi. (kembali)
jaladri. (kembali)