Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
93 dari 234
513–514 dari 1.487
5.129–5.138 dari 14.865
093.038 Radèn Prawiratruna panggih ing rana | ngadêg pinggir gêgisik | angantèni bala | kang tan antuk baita | pating kudhangsang wong cili | saking jrihira | sumêdya rêbut urip ||
093.039 kasaratên palwane sira rahadyan | pan kêkathahên janmi | gonjing kang baita | ya ta kèrêm sêmana | sampun karsaning Hyang Widi | lamun rahadyan | pan tinagih ing pati ||
093.040 pating kurambang sami gêbyur kewala | ingkang kasilêm mati | polahipun janma | apan pating kudhangsang | baita Makasar prapti | adhêdhayungan | baitanipun alit ||
093.041 gêgamane saligi lawan brangkolang | baita ing Matawis | sami cinêgatan | têtiyang ing Mataram | sadaya manahe giris | mêngsah baita | alit tan angobêri [11: 67: ango...bêri] ||
093.042 wong Mataram kathah pêjah dening toya | sawênèh sinuligi | baita kèh rêmak | wau sira Rahadyan | Prawirataruna maksih | ngadêg muara | wadyanira angisis ||
093.043 Radèn Prawiratruna sampun angrasa | yèn tinagih ing pati | apan ta sumăngga | ing karsaning Pangeran | amicara ing jro ati | alah kantuna | gustiku ing Matawis ||
093.044 kawula sri narendra pamit palastra | mangsuli sihing gusti | kawula wus tuwa | lêhêng ingsun pêjaha | anèng têngahing ajurit | karsaning Suksma | rusak nagri Matawis ||
093.045 Sewajaya anangis nungkêmi pada | branane angranuhi | dhuh gusti kawula | ing donya ing akerat | kawula dadosa abdi | pan kapanggiha | kawula lawan gusti ||
093.046 angandika Radèn Prawirataruna | ingsun tarima ugi | iya padha-padha | galap gampil manira | sira sapuraa ugi | singa palastra | aja malang tumolih ||
093.047 Sewajaya sampun nêmahi palastra | anèng ngarsaning gusti | angling sira radyan | ingsun belani sira | awirang ingsun yèn urip | angur matia | santananingsun ênting ||
513–514 dari 1.487