Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
93 dari 234
510–511 dari 1.487
5.094–5.103 dari 14.865
093.003 nora kondur tiyang Makasar kang mara | prasamya bèr kawanin | sêdyaning ayuda | soroh amuk kewala | wong Mataram anadhahi [11: 62: anadhah...i] | têmpuhing yuda | lwir ngobahêna bumi ||
093.004 wong Makasar tan kandhêg dening sanjata | angamuk karo lêmbing | wênèh lan curiga | ingkang kapurug bubar | akathah ingkang ngêmasi | tiyang Makasar | angamuk karo cundrik ||
093.005 rencangipun kang sami pêjah ing rana | pan ora dipun tolih | ingidêk kewala | lajêng pangamukira | kadya banthèng tawan kanin | pangamukira | wus datan etang mati ||
093.006 wong Mataram ingkang mundur tawan brana | kang katêmpuh angisis | akathah kang pêjah | nora măngga puliha | rusak sikêping Matawis | tangkêping yuda | lir gabah dèn intêri ||
093.007 kadya gêrah sêsambate wong Mataram | apan sami awingwrin | dèn pangamukira | wong Makasar lwir yêksa | datan kondur dening bêdhil | prajuritira | wong Mataram ngawaki ||
093.008 Suramênggala kalawan Surawăngsa | Ki Panji Wirabumi | lan Ki Pulangjiwa | sarêng mangsah ing yuda | santananira ngawaki | akathah pêjah | rame têmpuhing jurit ||
093.009 pêtêng dhêdhêt dening kukusing sundawa | satêngahing ajurit | mimis kadi udan | nanging ta wong Makasar | pangamuke tan anolih | tiyang Mataram | kang katrajang angisis ||
093.010 prajurite wong Mataram kathah pêjah | Ki Panji Wirabumi | wus anandhang brana | miwah Suramênggala | kondure atawan kanin | pan binabayang | rusak wong ing Matawis ||
093.011 Radèn Prawirataruna pan tumingal | rusak bala Matawis [11: 63] | dyan mundhut turăngga | ngrasuk kaprajuritan | pan sumêdya angawaki | saabra muncar | busana ing turanggi ||
093.012 Radèn Prawiratruna angagêm watang | angling sajroning ati | ingsun wus atuwa | sêdhêng mati ing rana | nglampahi ayahan aji | yèn wong Makasar | tan kondur dening kami ||
510–511 dari 1.487