Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
93 dari 234
514–515 dari 1.487
5.134–5.143 dari 14.865
093.043 Radèn Prawiratruna sampun angrasa | yèn tinagih ing pati | apan ta sumăngga | ing karsaning Pangeran | amicara ing jro ati | alah kantuna | gustiku ing Matawis ||
093.044 kawula sri narendra pamit palastra | mangsuli sihing gusti | kawula wus tuwa | lêhêng ingsun pêjaha | anèng têngahing ajurit | karsaning Suksma | rusak nagri Matawis ||
093.045 Sewajaya anangis nungkêmi pada | branane angranuhi | dhuh gusti kawula | ing donya ing akerat | kawula dadosa abdi | pan kapanggiha | kawula lawan gusti ||
093.046 angandika Radèn Prawirataruna | ingsun tarima ugi | iya padha-padha | galap gampil manira | sira sapuraa ugi | singa palastra | aja malang tumolih ||
093.047 Sewajaya sampun nêmahi palastra | anèng ngarsaning gusti | angling sira radyan | ingsun belani sira | awirang ingsun yèn urip | angur matia | santananingsun ênting ||
093.048 tiyang Makasar akathah ingkang prapta | rahadyan dèn kêmbuli | wus atawan brana | radèn tiba alênggah | wus nyana tumêkèng pati | ingkang karasa | para putra ing wuri ||
093.049 atanapi wau ingkang para garwa | dèn bêcik sira kaki | sun nêmahi pêjah | anèng têngahing rana | rahadyan kabyatan kanin | sampun [11: 68: sampu...n] palastra | radyan sira gumuling ||
093.050 arsa tinigas mastakane rahadyan | Kumpêni anulungi | mêntas saking palwa | tiyang Ambon dyan mara | tiyang Trênate ngrewangi | sarta sanjata | gêgamaning Kumpêni ||
093.051 ya ta mundur wau têtiyang Makasar | tan kawawa nadhahi | mimis kadi udan | ya ta tiyang Makasar | lumayu angungsi biting | atangkêb lawang | wong Makasar awingwrin ||
093.052 wus karêbut layone sira rahadyan | dyan binêkta tumuli | minggah ing baita | pan sampun binandhosa | ingantukakên rumiyin | sigra alayar | sadaya pan prihatin ||
514–515 dari 1.487