Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
93 dari 234
515 dari 1.487
5.141–5.150 dari 14.865
093.050 arsa tinigas mastakane rahadyan | Kumpêni anulungi | mêntas saking palwa | tiyang Ambon dyan mara | tiyang Trênate ngrewangi | sarta sanjata | gêgamaning Kumpêni ||
093.051 ya ta mundur wau têtiyang Makasar | tan kawawa nadhahi | mimis kadi udan | ya ta tiyang Makasar | lumayu angungsi biting | atangkêb lawang | wong Makasar awingwrin ||
093.052 wus karêbut layone sira rahadyan | dyan binêkta tumuli | minggah ing baita | pan sampun binandhosa | ingantukakên rumiyin | sigra alayar | sadaya pan prihatin ||
093.053 sakarine wau kang para santana | ngiringakên rumiyin | ya ta kawarnaa | wadyabala Mataram | kalawan wong ing pasisir | labuh sadaya | wapê anèng jaladri ||
093.054 datan ana mêntas maring ing dharatan | apan sira alami | anèng ing samodra | ya ta apagunêman | Suramênggala lan malih | Ki Surawăngsa | Rănggasidayu singgih ||
093.055 lan malihe Ki Ngabèi Singawăngsa | Suramênggala angling | kadipundi kakang | puniki rêmbag dika | anèng têngahing jaladri | tanpa wêkasan | prandene tan aminggir ||
093.056 tan kawawi manira katrajang ombak | kadi binanting-banting | lan malihe kathah | ingkang dadi sumêlang | inggih Kumpêni puniki | raosing manah | tan tuhu angrencangi ||
093.057 lan malihe wong Sampang dadi sumêlang | tan wurung anampêki | yèn suwawi karsa | dawêg minggir punika | ing Paiton lah [11: 69] ingungsi | dèkèk baita | sami mondhok ing kali ||
093.058 sami rêmbag wau kang para niyaka | Ki Singawăngsa angling | anging ta manira | inggih tan tumut ika | aminggir mondhok ing kali | lêhêng manira | labuha ing jaladri ||
093.059 tiyang pasisir ingkang sami arêmbag | ya ta layar tumuli | kang para baita | ing Paiton sinêdya | tan kawarna sampun prapti | sakèh baita | apan sami angranji ||
515 dari 1.487