Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
94 dari 234
520–521 dari 1.487
5.198–5.207 dari 14.865
094.046 pamrihipun têtiyang pasisir | samya sebaa mring Surabaya | Madurêtna nrêpatine | wong Madura anggrêgut | ing Garêsik wus dèn anciki | suyud tan wani malang [11: 79: ma...lang] | tanapi Sidayu | apan ta sampun kabahak | wus kancikan tiyang Sidayu awingwrin | seba mring Surabaya ||
094.047 atanapi nagari ing Tubin | wus kancikan dening wong Madura | lan wong Makasar rowange | ing Tuban wus anungkul | nulya Ngrêmbang kang dèn anciki | ing Lasêm alorodan | sadaya sumuyud | ingkang băngga pinatenan | wong pasisir sadaya sami awingwrin | ingkang nutut katawan ||
094.048 samya binêkta mring Surabanggi | wong Makasar lawan wong Madura | kadya hèrnawa polahe | wong pasisir sumuyud | samya sowan mring Surabanggi | sira Raja Makasar | apan ta wus kêmbul | lawan Radèn Madurêtna | kawarnaa sira pangeran dipati | anom ingkang lumampah [12: 3] ||[1]
Trunajaya santun nama Panêmbahan Madurêtna ing Surabaya, ambalela mêngsah Mataram dipun biyantu prajurit Makasar [lanjutan]
094.049 ing Japara samana wis prapti | samya amondhok sajroning kitha | lwir grah kapitu swarane | pangran dipati wau | masanggrahan griyanirèki | Ngabèi Wăngsaprana | Pangran Singasantun | mondhok sakiduling pura | Dyan Pangeran Purubaya pondhoknèki | wontên ing Kasatusan ||[2]
094.050 dene Pangeran Balitar nênggih | sami amondhok Bayularangan | pangran ing Sampang pondhoke | jawining kitha iku | wong pasisir bang kilèn prapti | kapanggih ing Jêpara | Kêndhal Kaliwungu | ing Batang lan Pêkalongan | ing Barêbês Pêmalang lawan Tatêgil | tanapi ing Sêmarang ||
094.051 ing Dêmak ika sarênge prapti | tiyang Kudus Pathi lan Juwana | pêpak Jêpara ênggone | sampuning tigang dalu | kawarnaa pangran dipati | prasamya parêmbagan | lan kang eyang wau | pangeran ing Purubaya | pan pêpakan para santana Matawis | miwah para dipatya ||
094.052 miwah pangeran ing Singasari | Pangran Balitar pangran ing Sampang | pangran dipati dêlinge | marang kang eyang wau | kadipundi eyang kang warti | têtiyang ing Madura | lan Makasaripun | matur Pangran Purubaya | wartinipun wong Sampang anunggil baris | kalawan [12: 4: kala...wan] wong Makasar ||
094.053 tiyang pasisir bang wetan nênggih | sami sowan dhatêng Surapringga | mring Trunajaya suyude | ing Sidayu kalulun | ing Garêsik miwah ing Tubin | ing Rêmbang Pajangkungan | Lasêm wus anungkul | măncanêgari bang wetan | wus kakêlun sadaya sami awingwrin | dhumatêng Trunajaya ||
094.054 pangran dipati grahitèng ati | Si Trunajaya ngentasi karya | kayapriye wêkasane | awak ingsun kalamun | undurana anglêlingsêmi | pasthiningsun yèn merang | marang sang aprabu | yèn ta mundura ing karya | yèn ta durung ana kaananing jurit | mandah ucap ing jana ||
094.055 ing ayuda arsa sun têmoni | wong Madura ya Si Trunajaya | polahe aku kang akèn | èmênge manah ingsun | wantuningsun wong pulang jurit | yèn wis atêmu watang | merang lamun mundur | yêktine alongkang pêjah | wong Mataram akarya ingsun mangsiti | pasthine ingsun merang ||
520–521 dari 1.487

 


§ Lajêng nyandhak jilid: 12. (kembali)
Titik awal: Babad Tanah Jawi, Jilid 12 (Serie No. 1298k). Batawi Sèntrêm: Bale Pustaka, 1940, 79 hlm. Judul jilid: Gègèr Trunajaya, nagari Mataram risak. Sunan Mangkurat seda, sumare ing Têgalwangi. (kembali)