Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
94 dari 234
521–522 dari 1.487
5.206–5.215 dari 14.865
094.054 pangran dipati grahitèng ati | Si Trunajaya ngentasi karya | kayapriye wêkasane | awak ingsun kalamun | undurana anglêlingsêmi | pasthiningsun yèn merang | marang sang aprabu | yèn ta mundura ing karya | yèn ta durung ana kaananing jurit | mandah ucap ing jana ||
094.055 ing ayuda arsa sun têmoni | wong Madura ya Si Trunajaya | polahe aku kang akèn | èmênge manah ingsun | wantuningsun wong pulang jurit | yèn wis atêmu watang | merang lamun mundur | yêktine alongkang pêjah | wong Mataram akarya ingsun mangsiti | pasthine ingsun merang ||
094.056 awêkasan pangeran dipati | angandika dhumatêng kang eyang | yèn makotên pawartine | lah suwawi ing besuk | binubarna bala Matawis | sami dharat kewala | dèn rêmpêg ing laku | dening sakèhing baita | winawratan sangune tiyang Matawis | kawota ing baita ||
094.057 sakathahe bupati pasisir | adharat angiringa maringwang | kalawan sagêgamane | ya ta sami arêmbug | kang santana miwah prajurit | pangandikanya pangran | Si Răngga Sidayu | aja pisah lan manira | mêsakake [12: 5] iku tinilar wadyalit | lan adhi mas ing Sampang ||
094.058 ana ing ngarsa manawa eling | wong Madura marang yayi êmas | padha undhangana kabèh | sakyèh wadya Matarum | budhalêna lah dipun enjing | lawan Si Wăngsadipa | iya aja milu | tunggua ana Japara | lan anake kalawan bala Kumpêni | tugura ing Japara ||
094.059 ya ta datan kawarna ing latri | enjangane anêmbang têngara | gong bèri umyung swarane | bêndhe munya angungkung | têngêrane bubar kang baris | sakèh sanguning wadya | winrat ing parau | wus pêpak bala Mataram | yèn sinawang gêgaman kagiri-giri | kadya prawata sêkar ||
094.060 tiyang pasisir măncanagari | ingkang dadi cucuking ayuda | anèng ing ngarsa lakune | dening bala Matarum | wong bumija lawan panumping | wong sèwu numbakanyar | tiyang agêng wau | sami marapit rahadyan | lan Pangeran Purubaya tan atêbih | kalawan ingkang wayah ||
094.061 ya ta anglarug lampahing baris | ênêngêna kang lagi lumampah | ya ta kawarnaa malèh | sang aprawirèng kewuh | ingkang ngadhêp ing Surabanggi | Rahadèn Trunajaya | ingkang ajêjuluk | Panêmbahan Madurêtna | sampun angron sineba tiyang pasisir | ingkang wetan sadaya ||
094.062 atanapi kang măncanagari | ing bang wetan anungkul sêdaya | Ki Madurêtna barise | apan sampun akumpul | lawan Raja Galèngsong singgih | wong Makasar malatar | sami purunipun [12: 6: puruni...pun] | polahe lwir Singalodra | dhasar mangke wong Sampang pan angsal galih | akanthi wong Makasar ||
094.063 sira Radèn Madurêtna nênggih | sêdyanira umadêg narendra | sarta lawan panjungjunge | Raja Galèngsong iku | kang nanggupi bêdhah Matawis | mila Ki Madurêtna | langkung trêsnanipun | dhumatêng Raja Makasar | Trunajaya pan datan kemutan singgih | yèn kinarya lampahan ||
521–522 dari 1.487