Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
94–95 dari 234
522–523 dari 1.487
5.216–5.225 dari 14.865
094.064 Trunajaya akarsa pribadi | wantu wong ngêmut lêgining gula | kêmanisên arsa dhewe | apan ta datan emut | lamun wontên ingkang ngajani | Prabu Anom Mataram | tan kemutan wau | angrasa sampun kuwawa | Trunajaya dene sampun angsal kanthi | Prabu Anom Makasar ||
094.065 apan sampun amiyarsa warti | yèn Adipati Anom Mataram | ingkang anindaki dhewe | lawan kang kamisêpuh | sira Pangran Purubayèki | lan Pangeran Balitar | Pangran Singasantun | kêrigan bala Mataram | atanapi pasisir măncanagari | kalumpukan Jêpara ||
094.066 apan ta sampun bubar kang baris | saking Japara sawadyabala | pangeran dipati anèm | kang anindhihi laku | Trunajaya sampun acawis | lawan tiyang Makasar | sumêdya amêthuk | wong Sampang wus asiyaga | mêpak baris solahe anggêgilani | miwah ta wong Makasar ||
094.067 apan asêdya angantêp jurit | apan yudane wadya Mataram | lir singa galak olahe[1] | warnanên kang lumaku | Adipati Anom Matawis [12: 7] | kang dadi senapatya | sêmana wus rawuh | ing Masahar tatan-tatan | bêbarisan saksana ngangsêg ing jurit | ing Gagodog sinêdya ||
094.068 tiyang Madura amapag jurit | lan wong Makasar kadi hèrnawa | apan ta sami purune | sami arêbut dhucung | kaya age panggih ajurit | ing Gêgodog wus prapta | pan dulu-dinulu | wong Sampang lan wong Mataram | pan sadaya tan ana angucap ajrih | suraking wêwingkingan ||
95. Pangkur
095.001 mangsah sikêp ing Madura | yèn sinawang kadi banthèng akanin | angajrihi tandangipun | kadi ta singalodra | rêbat măngsa sadaya pan sami purun | prasami aonclang watang | Makasar aonclang lêmbing ||
095.002 prajurite wong Madura | Mangkuyuda têguh prakosa wani | dening wau sisihipun | aran Dhangdhangwacana | anadene ing wau ta sisihipun | kang kiwa Ki Wăngsaprana | sami prakosa ing jurit ||
095.003 iku têtindhihing rana | dyan umangsah kadi banthèng akanin | tiyang Makasar agêmbul | kadya ta singalodra | ing ayuda punika têtindhihipun | awasta Dhaèng Marewa | kalawan Dhaèng Makinci ||
095.004 mangsah sikêp ing Mataram | punang bêdhil dadi cucuking jurit | swarane lwir gunung rubuh | mimis tiba lir udan | pêtêng dhêdhêt ing ayuda kadi dalu | dening kukusing sundawa | awor suraking lan janmi ||
095.005 nora sangsaya ajriha | wadya Sampang mirsa swaraning bêdhil | sumêdya asoroh [12: 8: a...soroh] amuk | binendrong ing sanjata | wadya Sampang pinuntir babrêngosipun | pêdhang ingikal ing kilat | sami ngagêm tamèng Bali ||
522–523 dari 1.487

 


solahe. (kembali)