Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
95 dari 234
524 dari 1.487
5.231–5.240 dari 14.865
095.011 Tumênggung Rajamênggala | Arya Pamot sarêng mangsah ajurit | Pangran Balitar tan kantun | sarêng antêp ing yuda | wong Makasar sadaya sarêng umagut | Raja [12: 9: Ra...ja] Galèngsong priyăngga | ingkang nindhihi ing jurit ||
095.012 dening Radèn Trunajaya | tiyang Sampang wau kang dèn tindhihi | mila ing ayuda kukuh | wus karsaning Pangeran | wong Madura pasthi lanang juritipun | pilih bobot ing ayuda | tan ana angucap ajrih ||
095.013 wadyabala ing Mataram | kathah pêjah manahipun awingwrin | kang katrajang mawut-mawut | nora măngga puliha | prajurite apan akathah asambut | pan Ngabèi Wirajaya | pan sampun anandhang kanin ||
095.014 santanane kathah pêjah | ki ngabèi branane angranuhi | sêmana tiba alungguh | ludirane drês muncar | dan aniba Wirajaya datan emut | rinêbat santananira | saundure angêmasi ||
095.015 kang ajurit kawuyungan | Panji Wirabumi anandhang kanin | anèng ing rana kasambut | kondur wus binandhosa | Kyai Răngga Sidayu apan kasambut | ing rana sampun palastra | wingwrin wadya ing Matawis ||
095.016 kang dados lajêring yuda | Pangran Purbaya tinilar wadya alit |[1] prajurite kèh kasambut | nora măngga puliha | Pangran Purbaya angling sajroning kalbu | baya karsaning Pangeran | apês wadya ing Matawis ||
095.017 salaminingsun ayuda | apan iya nora kaya puniki | prajurit Mataram gêmpur | singa maju kabranan | wong mataram padha kêkês manahipun | dhingin kang para prawira | mangko manahe lir èstri ||
095.018 kapriye yèn sun mundura | wong [12: 10] Mataram tan ana kaya mami | sinêmbah sinêpuh-sêpuh | mring putra myang santana | ana wrate ingsun mundura ing kewuh | tan baya angur matia | anèng têngahing ajurit ||
095.019 watarane manah ingwang | ing ajurit yèn tan kentas ing kami | kêrigên wadya Matarum | măngsa angêntasana | parandene ingsun iki uwis sêpuh | sêdhêng matia ing karya | rèh ingsun momong nrêpati ||
095.020 yèn nyata rusak Mataram | panêdhaku ingsun aja mênangi | wong Mataram sirna larut | wong Sampang lan Makasar | Pangran Purbaya wau ingkang tinêmpuh | sasêdyane anèng rana | tan gumingsir anadhahi ||
524 dari 1.487

 


Lebih satu suku kata: Pangran Purbaya tinilar wadyalit. (kembali)