Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
95 dari 234
525–526 dari 1.487
5.244–5.253 dari 14.865
095.024 ing jro sarira wus rêmak | pan Pangeran Purbaya tiba linggih | watêk wong agung wus sêpuh | Dyan Pangeran Balitar [12: 11] | pan uninga lamun kang raka kasambut | ing rana gêpah rinêbat | wong Sampang ingamuk wani ||
095.025 sira Pangeran Purbaya | wus karêbat binêkta mundur aglis | nanging pangeran tan emut | ingkang sarira rêmak | wong Mataram anèng payudan pan mawut | dening Pangeran Purbaya | wus kasambut ing ajurit ||
095.026 lwir pendah dhawuhan bêdhah | pêdhot lajêripun kari angisis | deding[1] lajêre wus rawuh | milane asasaran | dyan pangeran dipati kalulun kondur | lan Pangeran Singasêkar | de wadya tan kêna pulih ||
095.027 sira pangeran dipatya | manahira alit dhatêng awingwrin | dening kang eyang kasambut | ya ta apamondhokan | arêrangkah sami prayitna ing kewuh | Pangran Purbaya wus seda | lwir gêrah swaraning tangis ||
095.028 apan sampun binandhusa | jêng pangran binêkta mantuk Matawis | duk seda sinangkalan trus | ngamuk kapinrang janma |[2] sinusulan sangkala kalapa dêmung | naga sanga prang ing jagat |[3] ri sampun ing mangkanèki ||
095.029 wusing mantuk kang bandhusa | kawarnaa wau ta ingkang kari | sakèhe wadya Matarum | akêkês manahira | dening andêling kewuh sampun kasambut | para prajurit sadaya | manahe kadya pawèstri ||
095.030 miwah kang para santana | para putra manahira awingwrin | sampun karsaning Hyang Agung | apês wadya Mataram | yèn wus takdir tan kêna owah lan gugur | duk sedanira pangeran | ing taun Êdal anênggih [12: 12] ||
095.031 anglêrêsi sasi Saban | nuju tanggalipun ping lima nênggih | wong Mataram sami kusut | tan bêtah nora mangan | lan pinarag ing gêgêring sangêtipun | wong Mataram alorodan | apan sami minggat mulih ||
095.032 pangran dipati Mataram | pan kalulun sampun kondur tumuli | lan Pangeran Singasantun | miwah Pangran Balitar | lampahira sêmana apan alaju | sêdya mantuk ing Mataram | kèndêl Japara sawêngi ||
095.033 lajêng mantuk mring Mataram | kawarnaa duta Sampang nututi | ingkang dados tunggulipun | Tumênggung Mangkuyuda | wong Makasar Dhaèng Mrewa tunggulipun | ingkang kinèn nututana | lanpahe[4] wadya Matawis ||
525–526 dari 1.487

 


dening. (kembali)
Tanggal: lima (5) Saban (Ruwah) Êdal (Dal): trus ngamuk kapinrang janma (AJ 1599). Tanggal Masehi: 13 Oktober 1676. Lihat: Bait 30.7, 31.1-2 di bawah untuk hari, bulan dan tahun dari tanggal ini. Watak bilangan "ngamuk" dalam sangkala ini kurang jelas, tetapi di sumber lain kata "muka" atau "mamuka" dengan watak bilangan sembilan (9) digunakan (lihat: BTJ van Dorp 1925 Jilid 3 hlm. 147; dan Babad Mantaram Wăngsadilaga 1860 hlm. 372). Tanggal tersebut mengacu pada wafatnya Pangeran Purbaya (paman dari Sultan Agung) yang meninggal dalam pertempuran dengan Trunajaya di Gogodog pada Oktober 1676. Lihat: BTJ Meinsma 1874 hlm. 305; Ricklefs 1981 hlm. 71. (kembali)
Tanggal: naga sanga prang ing jagat (AJ 1598). Tahun AJ 1598 jatuh antara tanggal Masehi: 28 Maret 1675 sampai dengan 15 Maret 1676. (kembali)
lampahe. (kembali)