Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
95 dari 234
525–526 dari 1.487
5.249–5.258 dari 14.865
095.029 wusing mantuk kang bandhusa | kawarnaa wau ta ingkang kari | sakèhe wadya Matarum | akêkês manahira | dening andêling kewuh sampun kasambut | para prajurit sadaya | manahe kadya pawèstri ||
095.030 miwah kang para santana | para putra manahira awingwrin | sampun karsaning Hyang Agung | apês wadya Mataram | yèn wus takdir tan kêna owah lan gugur | duk sedanira pangeran | ing taun Êdal anênggih [12: 12] ||
095.031 anglêrêsi sasi Saban | nuju tanggalipun ping lima nênggih | wong Mataram sami kusut | tan bêtah nora mangan | lan pinarag ing gêgêring sangêtipun | wong Mataram alorodan | apan sami minggat mulih ||
095.032 pangran dipati Mataram | pan kalulun sampun kondur tumuli | lan Pangeran Singasantun | miwah Pangran Balitar | lampahira sêmana apan alaju | sêdya mantuk ing Mataram | kèndêl Japara sawêngi ||
095.033 lajêng mantuk mring Mataram | kawarnaa duta Sampang nututi | ingkang dados tunggulipun | Tumênggung Mangkuyuda | wong Makasar Dhaèng Mrewa tunggulipun | ingkang kinèn nututana | lanpahe[1] wadya Matawis ||
095.034 tingkahe lir singa galak | dhasar baring mangke mêlêng ajurit | marminipun saya lacut | wong Madura sumahab | saparane anjêjarah bêbaruwun | ingkang lanang pinatenan | ingkang èstri pan ingambil ||
095.035 apan ta dadi bêbasan | bajag Sampang tuhu kalamun baring | kang kadalanan anungkul | tan awani malanga | ing Juwana sampun kèdêgan anungkul | darbene pan jinarahan | wong Juwana samya ngili ||
095.036 ing Pathi wus kaèdêkan | dening Mangkuyuda prawirèng jurit | tiyang ing Pathi kalulun | akathah ingkang pêjah | dennya mapag tiyang Sampang pêrangipun | tiyang Pathi asar-saran | sami lumayu angili ||
095.037 ing Kudus sampun kabêdhah | jinarahan tiyang alit awingwrin | kalangkung dening arusuh | tingkahe [12: 13: ting...kahe] wong Madura | pan ing Warung Garobogan wus kalulun | binoyong lan jinarahan | puyêngan sami angili ||
095.038 nanging nêgari ing Dêmak | mêksih băngga angawali ing jurit | arame dènnya acampuh | tan ana kang kasoran | ing ayuda arame buru-binuru | surak lir pendah ampuhan | tan ana mundur ing jurit ||
525–526 dari 1.487

 


lampahe. (kembali)