Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
95 dari 234
523–524 dari 1.487
5.222–5.231 dari 14.865
095.002 prajurite wong Madura | Mangkuyuda têguh prakosa wani | dening wau sisihipun | aran Dhangdhangwacana | anadene ing wau ta sisihipun | kang kiwa Ki Wăngsaprana | sami prakosa ing jurit ||
095.003 iku têtindhihing rana | dyan umangsah kadi banthèng akanin | tiyang Makasar agêmbul | kadya ta singalodra | ing ayuda punika têtindhihipun | awasta Dhaèng Marewa | kalawan Dhaèng Makinci ||
095.004 mangsah sikêp ing Mataram | punang bêdhil dadi cucuking jurit | swarane lwir gunung rubuh | mimis tiba lir udan | pêtêng dhêdhêt ing ayuda kadi dalu | dening kukusing sundawa | awor suraking lan janmi ||
095.005 nora sangsaya ajriha | wadya Sampang mirsa swaraning bêdhil | sumêdya asoroh [12: 8: a...soroh] amuk | binendrong ing sanjata | wadya Sampang pinuntir babrêngosipun | pêdhang ingikal ing kilat | sami ngagêm tamèng Bali ||
095.006 sawênèh aonclang watang | dyan umangsah sarwi anaun rawis | wong Madura sami purun | rame têmpuh ing yuda | lwir andaka wong Sampang pangamukipun | arame prang long-linongan | tan ana angucap ajrih ||
095.007 wong Makasar dènnya aprang | ngagêm lêmbing ing yuda tan ngobari | prasamya asoroh amuk | kadya ta singalodra | baya silih takdir karsaning Hyang Agung | wadyabala ing Mataram | wingwrin tan darbe kawanin ||
095.008 para mantri lan satriya | kang prajurit manahe lir pawèstri | kêkês tan darbe pêpurun | ingamuk de wong Sampang | wong Mataram pan aewon mawut-mawut | akathah ingkang palastra | apan datan angudhili ||
095.009 rusak wadya ing Mataram | prajurite prasamya angawaki | kang dados andêling kewuh | Pangeran Purubaya | anyamêthi kuda samana dyan magut | ingiring ing wadyanira | sarêng mangsah ing ajurit ||
095.010 Ki Ngabèi Wirajaya | dyan umangsah lan Panji Wirabumi | miwah Ki Răngga Sidayu | angamuk ambêg pêjah | para mantri Mataram sarêng umagut | dening andêling ayuda | Pangran Purbaya ngawaki ||
095.011 Tumênggung Rajamênggala | Arya Pamot sarêng mangsah ajurit | Pangran Balitar tan kantun | sarêng antêp ing yuda | wong Makasar sadaya sarêng umagut | Raja [12: 9: Ra...ja] Galèngsong priyăngga | ingkang nindhihi ing jurit ||
523–524 dari 1.487