Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
95–96 dari 234
526–527 dari 1.487
5.256–5.265 dari 14.865
095.036 ing Pathi wus kaèdêkan | dening Mangkuyuda prawirèng jurit | tiyang ing Pathi kalulun | akathah ingkang pêjah | dennya mapag tiyang Sampang pêrangipun | tiyang Pathi asar-saran | sami lumayu angili ||
095.037 ing Kudus sampun kabêdhah | jinarahan tiyang alit awingwrin | kalangkung dening arusuh | tingkahe [12: 13: ting...kahe] wong Madura | pan ing Warung Garobogan wus kalulun | binoyong lan jinarahan | puyêngan sami angili ||
095.038 nanging nêgari ing Dêmak | mêksih băngga angawali ing jurit | arame dènnya acampuh | tan ana kang kasoran | ing ayuda arame buru-binuru | surak lir pendah ampuhan | tan ana mundur ing jurit ||
96. Durma
096.001 surakipun wong Dêmak kadya ampuhan | tangkêpira ngajurit | aran prit anêba | tiyang Sampang sudira | milane rame kang jurit | tiyang ing Dêmak | prasamya ambêdhili ||
096.002 pêtêng dhêdhêt dening kukusing sundawa | satêngahing ajurit | mimis kadya udan | langkung ramening yuda | tiyang ing Sampang kalindhih | kathahên lawan | akathah ingkang mati ||
096.003 sampun kèngsêr yudane wadyèng Madura | ya ta mangetan malih | nagari Japara | wau ingkang sinêdya | arsa binêdhah tumuli | apan ta ana | wau bêbanton malih ||
096.004 Trunajaya utusan mring wong Madura | bantoni kang kalindhih | wong măncanagara | ing bang wetan sadaya | wau ingkang ambantoni | wadya ing Sampang | ingkang dadi têtindhih ||
096.005 ing Japara ing wau sampun kakêpang | wadya alit atintrim | pan angungsi kitha | miwah angungsi wana | ya ta dhinêsêk tumuli | kutha Japara | arsa ginêcak wani ||
096.006 Wăngsadipa amuwêr sajroning kutha | akanthi lan Kumpêni | kang tunggu Japara | watawis rong bragada | sêdya rêrêmpon ing [12: 14] puri | Ki Wăngsadipa | sampun angati-ati ||
096.007 para putra tansah pinêpêk ing ngarsa | Kiyai Jagapati | Ki Wăngsamênggala | kalawan Wăngsaprana | lan malih Ki Wirapati | Ki Imarêksa | lawan Ki Wiramantri ||
526–527 dari 1.487