Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
96 dari 234
527–528 dari 1.487
5.270–5.279 dari 14.865
096.012 kawarnaa wong Sampang angangsêg kitha | lawan măncanêgari | pasisir sadaya | samya ngêpang Jêpara | sadaya sami ambalik | măncanêgara | miwah tiyang pasisir ||
096.013 wus kacukup kitha Japara kakeyang | surake wanti-wanti | lir rubuh kang wiyat | dening suraking bala | Wăngsadipa tan mêtoni | muwêr ing kitha | sampun angati-ati ||
096.014 wong Madura sampun malêbêt ing kitha | polahe gêgilani [12: 15: gê...gilani] | kanthi wong Makasar | polahira lwir yêksa | lir banthèng atawan kanin | lir singalodra | rêbat măngsa ngajrihi ||
096.015 wus malêbêt ing kitha sagêgamannya | Kumpêni anadhahi | mariyêm kang munya | kalawan kalantaka | nanging datan angudhili | wadya ing Sampang | ing alun-alun prapti ||
096.016 wong Walănda tangkêpipun lêlimbungan | sarta tambure muni | sanjata sinapan | sarêng muni sadaya | kadya rubuha ing langit | mimis lir udan | sarta swaraning janmi ||
096.017 pêtêng dhêdhêt dening kukusing sundawa | sanjataning Kumpêni | tan ana kèndêlnya | Ngabèi Wăngsadipa | apan ta sampun umijil | lan para putra | amêtoni ing jurit ||
096.018 tan atêbah para mantri ing Japara | sadandanan ing jurit | arame kang yuda | anèng lun-alunira | wong Sampang akathah mati | maksih sudira | wong Madura angukih[1] ||
096.019 nanging Kumpni datan kêna sinawawa | bêdhile tan ngagopi | mimis kadi udan | ngalun-alun Jêpara | rakiting bala Kumpêni | alêlumbungan | nora kêna ingukih[2] ||
096.020 jawining alun-alun kadi ampuhan | tiyang măncanagari | pan mangsah sumahab | mong[3] pasisir arusak | tiyang Japara atintrim | jawining kitha | ngalun-alun ajurit ||
096.021 wong ing Sampang nèng alun-alun kèh pêjah | sami kenging ing mimis | kang ngamuk [12: 16: ngamu...k] tinumbak | tiyang Sampang sudira | kang mati akêre wêsi | agêgêndèran | kêre kuningan dening ||
527–528 dari 1.487

 


angungkih. (kembali)
ingungkih. (kembali)
wong. (kembali)