Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
96 dari 234
529–530 dari 1.487
5.283–5.292 dari 14.865
096.025 ing Jagatamu ênggone bêbarisan | kadyaparan gèn amrih | undure kang mêngsah | nora wande yèn rusak | Jêpara kalamun lami | wadya Madura | nèng Jêpara ngêbèki[1] ||
096.026 ya ta matur Ki Ngabèi Wăngsaprana | punika yèn suwawi | inggih kang sanjata | wontêna Danaraja | kang agêng lah dèn pilihi | ingarah-arah | tibanipun kang mimis ||
096.027 Jagatamu punika kang kawuwunga | ing mriyêm miwah bêdhil | saking Danaraja | lawan ing pamondhokan | ugi ingulungkên mimis | wadya Madura | inggih saking ing ardi ||
096.028 ya ta Ki Wăngsadipa sampun arêmbag | minggah dhatêng ing ardi | gunung Danaraja | pan sakèhing sanjata | gêng-agêng wontên ing wukir | mantri Mataram | saragêni nunggoni ||
096.029 Kyai Gulu [12: 17: Gu...lu] kalawan Ki Singalodra | lawan Ki Gunturgêni | sapraptaning arga | ya ta Ki Wăngsadipa | sanjata dipun pilihi | ingarah-arah | mimise anibani ||
096.030 ing Jagatamu mêngsah Sampang malatar | ya ta pun Kumbarawi | wau kang prayoga | kang layak nibanana | ing Jagatamu ngungkuli | sigra pinasang | wau pun Kumbarawi ||
096.031 ing Jagatamu wau kang binênêran | pan sampun dèn isèni | ingantêp isinya | mimise wus pinasang | ya ta sinulêt tumuli | ungêl sanjata | lwir obah kang pratiwi ||
096.032 mimis umêsat nibani pasanggrahan | Jagatamu bênêri | gègère puyêngan | kayu katrajang sêmpal | wau katibanan mimis | saking ing arga | langkung agênging mimis ||
096.033 kang kasêrèmpèt wong Sampang kathah pêjah | wong pasisir awingwrin | lan măncanagara | dening ta katungkulan | kawuwung saking ing ardi | ing pamondhokan | pan ingulungkên mimis ||
096.034 tan antara mimis malih anarajang | wau saking ing wukir | kathah ingkang wrêksa | sami katrajang sêmpal | ya ta wau anibani | têngah pondhokan | gègèr yayah sinipi ||
529–530 dari 1.487

 


ngèbêki. (kembali)