Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
96 dari 234
530–531 dari 1.487
5.293–5.302 dari 14.865
096.035 ing Jagatamu gègère apuyêngan | dening katiban mimis | akathah kang pêjah | lumayu salang tunjang | bodhol sakala kang baris | pan apuyêngan | kalulun tan wruh warti ||
096.036 pan kalulun wong Madura bodholira | ing Jagatamu gusis | têtiyang Madura | lawan tiyang Makasar | ing Kudus kang dipun [12: 18: di...pun] ungsi | banjur mangetan | kuwur kang wadya alit ||
096.037 kawarnaa Ki Ngabèi Wăngsadipa | apagunêman sami | lawan para putra | arsa atur uninga | dhatêng prabu ing Matawis | yèn ing Jêpara | wau dipun inggahi ||
096.038 wong Madura kawan dasa ingkang pêjah | kupinge dèn irisi | akarsa binêkta | katura ing sang nata | saksana lumampah aglis | pan putranira | ingutus mring Matawis ||
71. Mataram dipun lurugi prajuritipun Trunajaya
096.039 tan kawarna lampahe ingkang utusan | apan datan alami | ya ta duta Sampang | minggah dhatêng Mataram | prajurit anglêlanangi | Dhangdhangwacana | wau ingkang kêkasih ||
096.040 mêdal Jipang apan anjog Jagaraga | tiyang măncanagari | bang wetan sumahab | saha gêgamanira | Dhangdhangwacana dèn iring | lan wong Madura | polahe gêgilani ||
096.041 nagri Pajang maksih băngga linawanan | anglawani ngajurit | nanging tan kawawa | nagari Pajang rusak | têtiyang alit awingwrin | marang wong Sampang | lwir banthèng tawan kanin ||
096.042 Dhangdhangwacana angancik ing Kajoran | tingkah anglêlanangi | nagari ing Pajang | anungkul kaèdêkan | tiyang jro kitha atintrim | têtiyang Sampang | tansah anjêjarahi ||
096.043 Dhangdhangwacana pangancike Kajoran | saha bala awrêgil [12: 19: awrê...gil] | Panêmbahan Rama | sampun akumpul sira | angadêgakên kang baris | anèng Kajoran | wong Madura kinanthi ||
096.044 padêdesan rinayah kathah binahak | kang tumut ing Matawis | wong desa puyêngan | padha abilulungan | ingkang amiyarsa tintrim | dening wong Sampang | anginggahi Matawis ||
530–531 dari 1.487