Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
96 dari 234
530–531 dari 1.487
5.299–5.308 dari 14.865
096.041 nagri Pajang maksih băngga linawanan | anglawani ngajurit | nanging tan kawawa | nagari Pajang rusak | têtiyang alit awingwrin | marang wong Sampang | lwir banthèng tawan kanin ||
096.042 Dhangdhangwacana angancik ing Kajoran | tingkah anglêlanangi | nagari ing Pajang | anungkul kaèdêkan | tiyang jro kitha atintrim | têtiyang Sampang | tansah anjêjarahi ||
096.043 Dhangdhangwacana pangancike Kajoran | saha bala awrêgil [12: 19: awrê...gil] | Panêmbahan Rama | sampun akumpul sira | angadêgakên kang baris | anèng Kajoran | wong Madura kinanthi ||
096.044 padêdesan rinayah kathah binahak | kang tumut ing Matawis | wong desa puyêngan | padha abilulungan | ingkang amiyarsa tintrim | dening wong Sampang | anginggahi Matawis ||
096.045 tiyang Pajang sampun anungkul sadaya | miwah măncanêgari | Warung Garobogan | Balora lan ing Japan | ing Jipang lan Jagaragi | apa-Magêtan | Madiun Panaragi ||
096.046 ing Kaduwang sampun anungkul sêmana | tiyang măncanagari | bang wetan sadaya | miwah pasisirira | sadaya sami ambalik | tiyang Mataram | padêdesane tintrim ||
096.047 sampun katur mring susunan ing Mataram | yèn wong Sampang nginggahi | ran Dhangdhangwacana | angancik ing Kajoran | ing Pajang sampun ambalik | apan kèdêkan | tiyang Pajang awingwrin ||
096.048 Panêmbahan Rama akêmbul wo[1] Sampang | apan sampun ambalik | ngadêgkên gêgaman | wau anèng Kajoran | apan tansah ambahaki | ingkang padesan | ingkang tumut Matawis ||
096.049 sri narendra sakêlangkung dukanira | sigra miyos tinangkil | pêpak para putra | miwah para santana | Pangran Dipati Matawis | munggèng ing ngarsa | lan Pangran Singasari ||
096.050 atanapi pangeran ing Martasana | Pangeran Pugêr nangkil | Pangeran Balitar | Pangeran Pringgalaya | lawan Radèn Wirasari | lan Wiratmêja | Wiramênggala [12: 20: Wiramêngga...la] nangkil ||
530–531 dari 1.487

 


wong. (kembali)