Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
96–97 dari 234
532–533 dari 1.487
5.316–5.325 dari 14.865
096.058 pangran dipati lagi amit mring rama | lan Pangran Singasari | Pangran Pugêr sira | Pangeran Martasana | ing rama winêling-wêling | dèn aprayitna [12: 21: apra...yitna] | sun srahakên ing Widi ||
096.059 para putra wus atur bêkti sadaya | ya ta kondur sang aji | lumêbèng ing pura | ing jawi awurahan | punggawa lan para mantri | mêpak gêgaman | kadi prawata sari ||
096.060 sampun kondur Pangran Dipati Mataram | Pangeran Singasari | Pangran Martasana | Pangeran Pugêr sira | wus kondur saking anangkil | sigra adandan | sakapraboning jurit ||
096.061 wus sumaos wahana turăngga aglar | kadi prawata sari | barising kaputran | gêgaman warna-warna | wus pêpak kang punang baris | dyan kawarnaa | pangeran adipati ||
096.062 wus siyaga sadandananing ayuda | waos agêm wus mijil | miwah kang sanjata | dhahar wus tinampanan | ing wadya andêl pinasthi | para lêlurah | sami saos ing jawi ||
096.063 pangran dipati wus angrasuk busana | sadandanan ing jurit | dhuwung acuriga | rasukan lapis tiga | kadi Hyang Asmararêsmi | wus asiyaga | pangran dipati mijil ||
096.064 ginarêbêg dening kang para lêlurah | swarane gêgêtêri | lir măngsa kasapta | wau swaraning bala | kêrigan wadya Matawis | lwir wrêdu angga | dhêndhêng baris ing wingking ||
97. Pangkur
097.001 budhal baris ing Mataram | yèn sinawang kadi prawata sari | lêlayu myang umbul-umbul | katub ing samirana | asrang umung swaraning bala anguwuh | ing rowang lir kadi gêrah | kriciking astra agathik ||
097.002 Pangran Dipati Mataram | nitih kuda rêspati songsong kuning | waos [12: 22: wao...s] sulam munggèng pungkur | mamas kang munggèng ngarsa | amarapit payung agung munggèng ngayun | kang munggwing awuri pisan | wong satus anumbak putih ||
097.003 ginarêbêg ing lêlurah | atanapi para andêling jurit | kang para rayi ing pungkur | samya anitih kuda | ginarêbêg ing wadyanira kumutug | dening asring tiningalan | prasamya asongsong kuning ||
532–533 dari 1.487