Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
97 dari 234
534–535 dari 1.487
5.332–5.341 dari 14.865
097.010 miwah ingkang para sabat | wus adandan sêdya tumut ing gusti | tiyang Madura kumutug | sira Dhangdhangwasana[1] | amêtoni ing ayuda karsanipun | wadyabala ing Mataram | surake awanti-wanti ||
097.011 tanapi tiyang Kajoran | wus akumpul sêdya mêtoni jurit | tiyang Madura anggrêgut | tanapi wong Mataram | sami purun kadar pira mungsuhipun | tiyang Mataram akathah | ya ta acampuh kang jurit ||
097.012 sanjata muni lwir bêntar | kang pratala anglir udan kang mimis | pêtêng lir pendah pêpêdhut | satêngahing ayuda | dening kukusing sundawa kadya jawuh | mimis satêngahing rana | arame kang punang jurit ||
097.013 arame kang punang yuda | wong Madura kalawan wong Matawis | swaraning surak lir guntur | sêsambating kabranan | ingundurkên ingkang wingking maksih purun | wau têtiyang Madura | yudanira pan kalindhih ||
097.014 prajurite kathah pêjah | wong Kajoran wau sigra nulungi | saha gêgaman anggrêgut | nanging si kêkathahan | wong Kajoran ing wau kathah kasambut | wantu kêkathahên lawan | prasasat katiban wukir ||
097.015 kondur têtiyang Madura | wong Kajoran kondurira awingwrin | ya ta kasaput [12: 24: kasa...put] ing dalu | sami apamondhokan | arêrangkah sami aprayitnèng kewuh | wau têtiyang Madura | manahe tan kêna pulih ||
097.016 tanapi tiyang Kajoran | manahira apan asangêt miris | ya ta sêmana ing dalu | pan sami parêmbagan | Panêmbahan Rama lan sêntananipun | prayoga yèn angêmbula | mangetan tunggal abaris ||
097.017 kalawan Ki Trunajaya | nora nana ingkang keron ing pikir | pasthi ing ayuda kukuh | benjang nadyan wangsula | mring Mataram bêktaa gêgaman agung | aja atanggêl ing lampah | Dhangdhangwacana mêthuki ||
097.018 ya ta prasami arêmbag | Pangran Kajoran sigra dandan tumuli |[2] sumêdya lolos ing dalu | lan saanak rayatnya | wus adandan awatara têngah dalu | kang kulawarga sadaya | apan sami dèn wangsiti ||
097.019 saksana anuli bubar | wong Madura kang lumakyèng ing wuri | apan kasuswa ing laku | akyèh ingkang tinilar | Panêmbahan Rama lampahe andarung | sumêdya angêmbul lampah | lan kang anèng Surabanggi ||
534–535 dari 1.487

 


Dhangdhangwacana. (kembali)
Lebih satu suku kata: Pangran Kajoran gya dandan tumuli. (kembali)