Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
97 dari 234
535–536 dari 1.487
5.349–5.358 dari 14.865
097.027 miwah Panêmbahan Rama | angrêmbugi satu kalawan pasthi | ing Mataram pan wus sêpuh | ungsume yèn rêngkaa | wus apêpak gêgaman sajuru-juru | pasisir măncanagara | wau kang sami ambalik ||
097.028 sami amêpak gêgaman | wus arakit sêdya minggah Matawis | wus [12: 26: wu...s] prapta samayanipun | sigra anuli bubar | apan pinaju kalih ing lampahipun | dening ingkang mêdal wetan | wau ingkang anindhihi ||
097.029 awasta Ki Wăngsaprana | lampahira pan mêdal ing Sêmawis | mêdal Pingit lampahipun | ing Têrayêm sinêdya | wontên malih Mangkuyuda kanthinipun | awasta Dhangdhangwacana | sami prakosa ing jurit ||
097.030 tanapi bala Makasar | ingkang anunggil Mangkuyuda sami | dening ta pangajêngipun | wasta Dhaèng Marewa | wontên malih awasta pun Busung Marnung | polahe lir warduangga | pan sarêng bubar kang baris ||
097.031 têtiyang măncanagara | ing bang wetan apan sami angili | lawan sagêgamanipun | kèhing bala sumahab | tan kawarna lakuning baris anglurug | sakathahe wong bang wetan | suyud manahe awingwrin ||
097.032 tan kawarna lampahira | ing Garompol wau pan sampun prapti | ya ta amondhok akumpul | dènnya apadandanan | angantèni rowangira ingkang kantun | anèng sabranging bangawan | kalangkung agênging baris ||
097.033 wong sabrang wetan puyêngan | agegeran sadaya sami ngili | lumayu arêbut dhucung | lawan saanak rena | tiyang Sampang ambêbajag polahipun | angling[1] pendah saradula | kang abăngga dèn patèni ||
097.034 tiyang èstrine tinawan | jinarahan rajakayane ênting | wong Pajang [12: 27: Pa...jang] sami misuwur | yèn wadya Sampang minggah | sampun prapta sabrang bangawan gènipun | ing Garompol binarisan | risak wong pinggir banawi ||
097.035 tiyang Pajang apuyêngan | samya ngili manahira awingwrin | dening ing warta misuwur | akarsa ingunggahan | dening tiyang Madura nèng sabrang banyu | para punggawa ing Pajang | pan sami amêpak baris ||
097.036 kawarnaa wong Madura | Mangkuyuda sampun nabrang banawi | ing kali Sêmanggi umung | saha bala sumahab | tiyang măncanagara suwarninipun | sami kêrigan sadaya | anglurug dhatêng Matawis ||
535–536 dari 1.487

 


anglir. (kembali)