Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
97 dari 234
535–536 dari 1.487
5.343–5.352 dari 14.865
097.021 sampunira jinarahan | wong Kajoran binêkta mring Matawis | pangeran dipati kondur | lawan para santana | tan kawarna kang mantuk dhatêng Matarum | sira Pangeran Kajoran [12: 25] | lajêng dhatêng Surabanggi ||
097.022 apanggih lawan kang putra | Trunajaya langkung marmaning galih | tan kawarna laminipun | ya ta agênti warsa | Panêmbahan Madurêtna wus arêmbug | sumêdya angalih praja | akêkutha ing Kadhiri ||
097.023 sadaya wus samya rêmbag | wong măncanagara miwah pasisir | ingkang wus sami atêluk | datan ana sumêlang | ing saparentah mapan sami asuyud | sêmana datan winarna | ing marga praptèng Kadhiri ||
097.024 tan winarna polahira | karya kutha sasamêkta wus dadi | kalangkung samêkta kukuh | adan atata gêlar | ing ayuda saha sanjata wus dinum | kang mungguh ing asrèng[1] wuntat | kanan kering wus arakit ||
097.025 dening ingkang tinanggênah | anêtêpi kantun ing Surabanggi | ingkang anjaga pakewuh | santana ing Madura | pan akanthi lan wong Surabayanipun | tansah amawi gêgaman | tan ana sumêlang kapti ||
097.026 ya ta wau kawarnaa | kang umadêg nagara ing Kadhiri | kang tansah agunêm catur | amrih arjaning lampah | Panêmbahan Madurêtna wus arêmbug | lan Raja Galèngsong sira | minggah dhatêng ing Matawis ||
097.027 miwah Panêmbahan Rama | angrêmbugi satu kalawan pasthi | ing Mataram pan wus sêpuh | ungsume yèn rêngkaa | wus apêpak gêgaman sajuru-juru | pasisir măncanagara | wau kang sami ambalik ||
097.028 sami amêpak gêgaman | wus arakit sêdya minggah Matawis | wus [12: 26: wu...s] prapta samayanipun | sigra anuli bubar | apan pinaju kalih ing lampahipun | dening ingkang mêdal wetan | wau ingkang anindhihi ||
097.029 awasta Ki Wăngsaprana | lampahira pan mêdal ing Sêmawis | mêdal Pingit lampahipun | ing Têrayêm sinêdya | wontên malih Mangkuyuda kanthinipun | awasta Dhangdhangwacana | sami prakosa ing jurit ||
097.030 tanapi bala Makasar | ingkang anunggil Mangkuyuda sami | dening ta pangajêngipun | wasta Dhaèng Marewa | wontên malih awasta pun Busung Marnung | polahe lir warduangga | pan sarêng bubar kang baris ||
535–536 dari 1.487

 


arsèng. (kembali)