Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
97 dari 234
533–534 dari 1.487
5.327–5.336 dari 14.865
097.005 lawan Pangeran Balitar | atanapi tumênggung ing Matawis | sawadyanira kumutug | wau ing lampahira | Mangunnêgara ika kang munggèng ngayun | lawan Radèn Wiratmêja | Wiramênggala prajurit ||
097.006 marga agêng kaèbêkan | ambalabar wadyabala Matawis | prasamya prayitnèng kewuh | kêrig wadya Mataram | sampun mêdal saking Taji pan anglurug | ing Kajoran kang sinêdya | kuwur manahe wong cili ||
097.007 ya ta wau kawara |[1] Pangran Kajoran sampun ngadêg kang baris |[2] sêmana sampun angêmbul | lan baris ing Madura | bala Sampang dening ta têtindhihipun | awasta Dhangdhangwacana | agêng ainggil tur wani ||
097.008 ing Pajang apan kabahak | samya nungkul mring Dhangdhangwacanèki | măncanagara wus têluk | Kaduwang Kamagêtan | wong Madura angajrihi tandangipun | ya ta wau kawarnaa | barise [12: 23: bari...se] tiyang Matawis ||
097.009 ing Kajoran sampun prapta | wong Mataram sampun prayitnèng wèsthi | Kajoran sampun kakêpung | surak kadi ampuhan | Panêmbahan Rama wus prayitnèng kewuh | apan sampun asiyaga | sadandananing ajurit ||
097.010 miwah ingkang para sabat | wus adandan sêdya tumut ing gusti | tiyang Madura kumutug | sira Dhangdhangwasana[3] | amêtoni ing ayuda karsanipun | wadyabala ing Mataram | surake awanti-wanti ||
097.011 tanapi tiyang Kajoran | wus akumpul sêdya mêtoni jurit | tiyang Madura anggrêgut | tanapi wong Mataram | sami purun kadar pira mungsuhipun | tiyang Mataram akathah | ya ta acampuh kang jurit ||
097.012 sanjata muni lwir bêntar | kang pratala anglir udan kang mimis | pêtêng lir pendah pêpêdhut | satêngahing ayuda | dening kukusing sundawa kadya jawuh | mimis satêngahing rana | arame kang punang jurit ||
097.013 arame kang punang yuda | wong Madura kalawan wong Matawis | swaraning surak lir guntur | sêsambating kabranan | ingundurkên ingkang wingking maksih purun | wau têtiyang Madura | yudanira pan kalindhih ||
097.014 prajurite kathah pêjah | wong Kajoran wau sigra nulungi | saha gêgaman anggrêgut | nanging si kêkathahan | wong Kajoran ing wau kathah kasambut | wantu kêkathahên lawan | prasasat katiban wukir ||
533–534 dari 1.487

 


Kurang satu suku kata: ya ta wau kawarnaa. (kembali)
Lebih satu suku kata: Pangran Kajoran sampun ngadêg baris. (kembali)
Dhangdhangwacana. (kembali)