Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
98 dari 234
537–538 dari 1.487
5.363–5.372 dari 14.865
098.002 wontên dene kang dadi panêngênira | ingkang pangawat keri | Arya Măndhalika | miwah tiyang Makasar | kang dadi cucuking jurit | Ki Dhaèng Mrewa | lawan Dhaèng Makinci ||
098.003 Busung Marnung kalawan Dhaèng Mabelah | gêgamannya saligi | towok lawan pêdhang | wong Makasar malatar | tanapi măncanagari | pan amêlatar | kadya prawata sari ||
098.004 ya ta budhal bala bang wetan sadaya | untabe angajrihi | sira Mangkuyuda | kang dados gêgunungan | arusuh lampahing baris | tansah bêbahak | wong Madura lir bêlis ||
098.005 padêdesan lèr Mataram apuyêngan | sêdya sami angili | angungsi jro kitha | wênèh angungsi arga | wong Sampang ambêbajagi | tiyang Mataram | kang lanang dèn patèni ||
098.006 ingkang èstri tinawan tur dhinedhelan | kang kumbi dèn gantungi | wênèh kinukusan | amrih sami mêdala | darbene kang dèn pêndhêmi | pan anggêgila | wong Madura lwir bêlis ||
098.007 tan kawarna lakune wadya bang wetan | ing Kajoran wus prapti | lajêng lampahira | ing Taji Pamondhokan | sigêgên kang anèng Taji | kang kawarnaa | ingkang mêdal Matawis ||
098.008 sabubarira saking ing Pingit ika | ing Tarayêm wus prapti | ya ta pamondhokan | sira Ki Wăngsaprana | sigêgên datan kawarni | dyan cinarita | Sri Narendra Matawis [12: 29] ||
72. Sunan Mangkurat tilar kadhaton, Mataram bêdhah
098.009 pan pinêpak wadyabala ing Mataram | arsa mapag ing jurit | ingkang para putra | miwah para santana | pêpakan ing păncaniti | pan asiyaga | sakapraboning jurit ||
098.010 putra sêpuh Pangran Dipati Mataram | sumêdya angawaki | lawan arinira | Pangeran Pugêr sira | lan Pangeran Singasari | lan Martasana | wus siyaga ing jurit ||
098.011 sampun pêpak para dipati Mataram | sakaprabon arakit | Pangran Pringgalaya | tumênggung ing Mataram | para putra ing Matawis | wus apamitan | ing rama atur bêkti ||
537–538 dari 1.487