Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
98 dari 234
540–541 dari 1.487
5.395–5.404 dari 14.865
098.034 malêm Akad tanggal ping wolulas Sapar | taun Be măngsa kalih | ya ta sinangkalan | dening ingkang anurat | rusaking nagri Matawis | pan sirna ilang | rasane ingkang bumi |[1]|
098.035 pan ing dalu bubare sri naranata | saking sajroning puri | ing pura puyêngan | tangis kadya ampuhan | tunjang-tinunjang pawèstri | sakêlalira | dunya kang dèn bêktani ||
098.036 apuyêngan tambuh mungsuh lawan rowang | gègèrira ing wêngi | wisma ingobongan | tangis kadya ampuhan | kadya gabah dèn intêri | wadya Mataram | padha arêbut urip ||
098.037 salang tunjang kasêlêk pisah lan trêsna | amung kang anak rabi | binêkta tan pisah | dunya datan kaetang | amung anake dèn indhit | gigal dêdalan | anake tan dèn tolih ||
098.038 rabinira angucap nakira gigal | kang lanang anauri | lah gigal oraa | ginawe [12: 33] apa bocah | prandene gampang kinardi | balikan sira | dèn akêbat lumaris ||
098.039 ilang oraa sok aja ilang sira | lah biyangane kênyik | sun ênggo bibitan | ya ta sêlêk katunjang | wênèh angulari rabi | kantun wong kathah | wênèh pisah lan laki ||
098.040 pan ambondhèt marang ing wong lanang liya | awak ingsun kiyai | dawêg dika bêkta | benjing kartaning jaman | awula[2] andika kawin | sun angawula | prandene laki mami ||
098.041 pan aninggal si jênat tan angruruha | kathah solahing èstri | mêdal saking kitha | wadyabala Mataram | angulon dènnya angili | tut wingking sira | marang sira narpati ||
098.042 kang sugih anak kalangkung susahira | ginendhong lan dèn indhit | sawênèh punika | ana winot ing kuda | pating barêngèk anangis | kawêlasarsa | kang mêksih dèn susoni ||
098.043 pan katunjang dening wisma ingobongan | lwir grah swaraning tangis | sawênèh angucap | anakmu ilang papat | ingkang lanang anauri | ilang oraa | pan ora dadi pikir ||
540–541 dari 1.487

 


Tanggal: Akad (Ngahad) wolulas (18) Sapar Be: sirna ilang rasane ingkang bumi (AJ 1600). Tanggal Masehi: Kamis 22 April 1677. Pada bulan Sapar tahun AJ 1600, hari Ngahad jatuh pada tanggal 7 (Ngahad Wage), 14 (Ngahad Lêgi), 21 (Ngahad Pon), dan 28 (Ngahad Kliwon), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah 7, 14, 21, atau 28 Sapar Be AJ 1600 (11, 18, 25 April, atau 2 Mei 1677 M). Sangkala ini menandai runtuhnya kerajaan Mataram, dengan Amangkurat I melarikan diri dari istana ke Tegail saat pasukan Trunajaya mendekat (Ricklefs 1981 hlm. 72; Javaansche Zamenspraken 1882 hlm. 20). Beberapa bulan kemudian, pada bulan Juli 1677 Amangkurat I meninggal (Ricklefs 1981 hlm. 72). Menurut Javaansche Zamenspraken (Winter 1882 hlm. 20) Amangkurat I meninggal pada tahun AJ 1601 (1678/9 M). Bandingkan: Babad Mataram (Dirjaatmaja 1904 hlm. 111): malêm Ngahat (Ngahad) wolu (8) Sapar Be: sirna ilang rasaning bumi (AJ 1600). Tanggal Masehi: Senin 12 April 1677. Perbedaan satu hari (Ngahad versus Senin) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
kawula. (kembali)