Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
98 dari 234
540–541 dari 1.487
5.400–5.409 dari 14.865
098.039 ilang oraa sok aja ilang sira | lah biyangane kênyik | sun ênggo bibitan | ya ta sêlêk katunjang | wênèh angulari rabi | kantun wong kathah | wênèh pisah lan laki ||
098.040 pan ambondhèt marang ing wong lanang liya | awak ingsun kiyai | dawêg dika bêkta | benjing kartaning jaman | awula[1] andika kawin | sun angawula | prandene laki mami ||
098.041 pan aninggal si jênat tan angruruha | kathah solahing èstri | mêdal saking kitha | wadyabala Mataram | angulon dènnya angili | tut wingking sira | marang sira narpati ||
098.042 kang sugih anak kalangkung susahira | ginendhong lan dèn indhit | sawênèh punika | ana winot ing kuda | pating barêngèk anangis | kawêlasarsa | kang mêksih dèn susoni ||
098.043 pan katunjang dening wisma ingobongan | lwir grah swaraning tangis | sawênèh angucap | anakmu ilang papat | ingkang lanang anauri | ilang oraa | pan ora dadi pikir ||
098.044 parandene tan ngomani sêga wadhang | aja maras ing ati | sun maksih nonoman | wasis akarya bocah | ing benjing ingsun ilèni | agawe bocah | parandene agampil ||
098.045 kawarnaa sri narendra ing Mataram | ingkang atilar puri | anitih dipăngga | wus anabrang Paraga | angilèn [12: 34: angi...lèn] sêdya dèn ungsi | kang para putra | tumut tan ana kari ||
098.046 kawarnaa Ki Tumênggung Mangkuyuda | sampun midhangêt warti | yèn Prabu Mataram | gingsir saking ing pura | angilèn nabrang banawi | suwêng ing pura | putra tan ana kari ||
098.047 ri saksana Ki Tumênggung Mangkuyuda | kitha dipun lêbêti | wong Sampang sumahab | samya lumêbèng kitha | apan angrêrayah sami | lir warduangga | puyêngan wong Matawis ||
098.048 Ki Tumênggung Mangkuyuda anèng pura | wau kang dèn kakahi | têtiyang Mataram | kang kantun apuyêngan | kalangkung kawêlasasih | sami tinawan | kang lanang dèn patèni ||
540–541 dari 1.487

 


kawula. (kembali)