Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
98 dari 234
542 dari 1.487
5.411–5.420 dari 14.865
098.050 Dhangdhangwacana kang kinèn anusula | marang sri narapati | ambêkta wong Sampang | miwah tiyang Makasar | anututi ing nrêpati | tiyang Mataram | kang kacandhak kyèh mati ||
098.051 kang anutut pinapala dhinedhelan | darbèke dèn ambili | kang èstri tinawan | pan sarwi tinataban | bêbêktane dipun ambil | sarwi jininah | ing pikir saha tintrim ||
098.052 Ki Tumênggung Mangkuyuda kantun pura | amung ingkang nututi | Ki Dhandhangwacana[1] | bêkta bala sumahab | sigêgên datan winarni | dyan kawarnaa | ingkang atilar puri [12: 35] ||
73. Sunan Mangkurat seda, sumare ing Têgalwangi
098.053 Prabu Mataram kalawan para putra | sampun anabrang mangkin | lèpèn Bagawănta | pan mêdal ing Wêwaja | angilèn datan anolih | mêdal ing rawa | lampahe sri bupati ||
098.054 gêrawalan[2] ingkang wadya kadhungsangan | manawa dèn tututi | dening wong Madura | miwah kang wong Makasar | urut sèwu dèn margani | datan kawarna | polahira ing margi ||
098.055 wontên dene putra kang angiring sira | Pangeran Pugêr nênggih | Pangran Martasana | Pangeran Singasêkar | Radèn Tapa mêksih alit | anging kang raka | jêng pangeran dipati ||
098.056 ingkang tansah lumampah anèng ing wuntat | mila lumampah wuri | sêmu lampahira | ngajêng-ajêng putusan | saking Trunajaya ugi | ubangginira | mangke wus anglampahi ||
098.057 nanging angajêng-ajêng tan ana prapta | warnanên sri bupati | lajêng lampahira | dumugi bumi rema | wastaning dhusunnirèki | ing Kawisanyar | nèng ngriku sri bupati ||
098.058 ing patêgalan dhusun ing Kawisanyar | binegal sri bupati | mring wong Kawisanyar | tandange anggêgila | sakathahing para nyai | sami karuna | sadaya dèn dhèdhèli ||
098.059 maring têtiyang Karanganyar punika | angandika nrêpati | iya bênêr sira | ambegal maring ingwang | ujêr sira durung polih | ing barkat ingwang | angandika sang aji ||
542 dari 1.487

 


Dhangdhangwacana. (kembali)
gurawalan. (kembali)