Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
100 dari 234
551–552 dari 1.487
5.504–5.513 dari 14.865
100.004 lampusing manah atêmah brangti | pangran dipati ing karsanira | anggung mendra ing sêdyane | apan sampun anglampus | tan anêdya wau ngulati | ing marga kawibawan | wau sêdyanipun | minggah kaji dhatêng Mêkah | pan kapalang punggawa anggêgendholi | sadaya tan arêmbag ||
100.005 nanging samana pangran dipati | maksa dhatêngkên aliting manah | pan sampun sêpi karsane | yèn gumantia ratu | mung dhatêngkên dènira amrih | munggah kaji mring Mêkah | nuntên paras wau | nanging aturing punggawa | sangêt mambêng samana muwah Kiyai [12: 48: Ki...yai] | Tumênggung Martalaya ||
100.006 mangkana aturing para abdi | sarta Ki Tumênggung Martalaya | yèn sawawi nah ing anggèr | lêng jumênênga ratu | anggêntosi rama narpati | angandika pangeran | adipati arum | iya bênêr aturira | Martalaya anging ingsun iki mangkin | apan ora akarsa ||
100.007 yèn jumênênga ratu ing mangkin | balik ingsun sira golèkêna | parau pira rêgane | kang amicisi ingsun | ingkang layak sun gawa mangkin | munggah kaji mring Mêkah | Martalaya matur | inggih sandika pangeran | nanging pun Martalaya botên sawawi | gusti anglugas raga ||
100.008 sanadyan benjing nglugasa ragi | gusti yèn sampun pun Martalaya | golang-galing mastakane | kalayan malihipun | mêngsah dalêm sampun kawatir | têtiyang ing Madura | saprakosanipun | kapanggiha ing kawula | de manawi pun Martalaya ngêmasi | rêmak binandhêmêna ||
100.009 angandika pangeran dipati | Martalaya iya sun tarima | ing sakèhe prasêtyane | kang marang jênêngingsun | nanging ingsun samêngko iki | nora arsa ayuda | amung sêdyaningsun | arsa sun laksananana | munggah kaji têka upayakna mami | parau kang prayoga ||
100.010 Ki Martalaya umatur aris | gusti nagari dalêm Têtêgal | tan wontên baita sae | kaantosna karuhun | kula dadak damêl ing mangkin | baita kang prayoga | katitihan besuk | kabêkta dhatêng ing Mêkah | minggah [12: 49: ming...gah] kaji ngandika pangran dipati | iya sun anti sira ||
100.011 nanging dèn kêbat dènira kardi | palwa sun antèni ing Banyumas | saksana pangran budhale | mring Banyumas awangsul | wontên dene ingkang angiring | wong nom-anom punika | pan lêlurahipun | awasta pun Măndaraka | sarêng dhatêng Toyamas lajêng mring masjid | sira pangran dipatya ||
100.012 tansah manêkung samadi êning | munggèng ing masjid pangran dipatya | tan alami antarane | pan lagya pitung dalu | anggènira sare ing masjid | ing madya ratri ika | nênggih wancinipun | anuju malêm Jumuwah | jêng pangeran adipati aningali | wulan pêpitu prapta ||
100.013 pangran dipati awas ningali | wulan pêpitu datan antara | têka manjing ing jajane | masjid katon garuwung | sirah gada datan kaèksi | nanging langit kawuryan | wau kang kadulu | ana manusa tumêdhak | saking wiyat cahya nêlahi jro masjid | gêdhene saukiran ||
551–552 dari 1.487