Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
106 dari 234
593–594 dari 1.487
5.930–5.939 dari 14.865
106.018 miyos Prabu Amangkurat | abusana wau cara Kumpêni | akêkaos asêpatu | rasukan lapis tiga | bêlah jaja baludru rinenda murub | mojah sinujyèng toya mas | kinatimang mas cinawi ||
106.019 abêbadhong susun tiga | têtirahnya sinawur ing rêtnadi | abra ujwala lir daru | arja akuluk cabang | tinatrapan ing mas jingga akarêpus | ywan tinon saking mandrawa | lwir gurnadur angajawi [13: 43: a...ngajawi] ||
106.020 anyuriga pêdhang usar | anggarnyabra binrayut ing mas adi | têbah jaja tali rukuh | rinante ring mas jingga | kinakonang ing sêsotya abra murub | sang prabu munggwing dhêdhampar | kucêm kwèh wadya aniwi ||
106.021 mawor kênyaring busana | angênguwung barung cahya narpati | sri narendra ngandika sru | maring rêkyana patya | Nrangkusuma payo anêtêga gupuh | têngara wong arsa budhal | sigra dyan patih wotsari ||
106.022 saksana nêmbang têngara | gra gumuruh otêr wadya kang baris | gumrudug swaraning tambur | budhal panganjuring prang | Mangkuyuda myang Natayuda tinuduh | sawadya lumakyèng ngarsa | Arya Sindurja nambungi ||
106.023 nulya Dipati Urawan | kang ing wuntat wong pasisir nambungi | gêgaman abra dinulu | ya ta sang sri narendra | awahana kuda ulês gula gêmpung | pun Kalamarcu namanya | ingapit wong magêrsari ||
106.024 budhal saking panangkilan | munggwing ngarsa sagung wong judhipati | wadya Kumpêni nèng pungkur | rumêksa ing narendra | pra dipati măncanagara sumambung | tan winarna lampahira | ing ênu Drêsanan prapti ||
106.025 panganjurira wus prapta | anèng Gondhang dènnya atata baris | wadya wurahan atêpung | lan unggyaning narendra | tundha-tundha lampahe wadyabalagung | mangkana ingkang winarna | Prabu Ngalaga Matawis [13: 44] ||
81. Wadya Kalagan pêrang kaliyan wadya Kartasura
106.026 enjing sinewakèng bala | Arya Măndhalika matur wotsari | ambatur uningèng prabu | mêngsah paduka mêdal | saking kitha sutaning Amral wus rawuh | ing Drêsanan barisira | bala sabrang warni-warni ||
106.027 pan têlik kawula prapta | panganjure ing Gondhang dènnya baris | aran pun Mangkuyudèku | lawan pun Natayuda | anakipun pun Wăngsacitra ing Kêdhu | kalih kinarya bupatya | bèbète wong dhudhuk gangsir ||
593–594 dari 1.487