Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
108–109 dari 234
608–609 dari 1.487
6.077–6.086 dari 14.865
108.017 rawuh Mataram samadya sasi | wong Mataram wus akathah prapta | kinêrig sadêdamêle | Pangran Panular sampun | kinarya têtindhihing jurit | tan kantun lan kang raka | saparannya tumut | anging Pangeran Pamênang | maksih kantun anèng Salinga abaris | milwa Namrud sarèhnya ||
108.018 apan arsa jinunjung narpati | marang Namrud Pangeran Pamênang | marmanyanut barang rèhe | ya ta wau Sang Prabu | Ing Ngalaga budhal tumuli | saking nagri Mataram | pan arsa umagut | amêrêp ing Kartasura | barisnyagêng kang manganjuri ring jurit | Ki Arya Tambakbaya ||
108.019 kang abaris ing Pokak [13: 65: Po...kak] ginitik | tan adangu dènira ayuda | wong Kartasura dhadhale | wadyèng Kalagan anglud | ing Drêsanan pan sampun prapti | sinuk ing saparannya | wus prapta ing Sanggung | ingungsir malih lumajar | bala Kartasura lumabwèng nagari | gègèr katur ing nata ||
108.020 yèn kang rayi nèng Sanggung abaris | pan angêpung nagri Kartasura | wong desa wus mirud kabèh | samya prapta sêsuguh | apan lajêng tumut abaris | ya ta Prabu Mangkurat | ing nalika wau | siniwakèng panangkilan | pêpak andhèr sagunging para dipati | sang nata sru ngandika ||
108.021 siyagaa sagunging bupati | ingsun arsa mêtoni ngayuda | yayi mas sun panggihane | kang baris anèng Sanggung | ya ta sagung para Dipati | siyaga nata bala | swaranya gumuruh | otêr nagri Kartasura | ngalun-alun kèbêkan wadya kang baris | abra busana amyang ||
108.022 sigra nêmbang têngara sang aji | bêndhe tinitir munya angangkang | gong bèri umyang swarane | gumrudug ponang tambur | panganjuring yuda lumaris | sira Tumênggung Dêmak | myang Surabayèku | sumambung wadya Madura | sri narendra wus angrasuk busanadi | têdhak anêmbang durma ||
109. Durma
109.001 sri narendra sigra anitih turăngga | bêdhol sagunging baris | gumuruh swaranya | anglir samodra bêna | abra busananing dasih | yèn tiningalan | tan pendah prawatagni ||
109.002 panganjuring yuda ing Jabung wus prapta | ayun-ayunan jurit | lan wadyèng Kalagan [13: 66] | Ki Arya Tambakbaya | myang Arya Surajayèki | gyatur uninga | yèn mungsuh agêng prapti ||
109.003 Natèng Laga dyan miyos anata bala | pangawat kanan keri | myang ing dhadha-dhadha | katur lamun kang raka | têdhak angawaki jurit | pinangku ngarsa | sagung wadya ti-ati ||
109.004 magêrsari ing kanan keri akapang | marapit pêdhang tamsir | myang wadya kaparak | kang ngampil babarkatan | Kyai Palèrèd tan têbih | munggèng ing ngarsa | sanjata kanan keri ||
608–609 dari 1.487