Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
108 dari 234
607–608 dari 1.487
6.063–6.072 dari 14.865
108.003 yèn suwawi paduka panggihi | amundhuta karyane sapisan | lan ingêbang sapatute | yèn angentasi kewuh | sanggup milwèng karya narpati | ya ta sagung prawira | angiyêgi atur- | rira Pangeran Pamênang | yèn suwawi ingayonan raka aji | inggih sapisan êngkas ||
108.004 wus arêmbag budhal sri bupati | saking Bagêlèn sabalanira | maring Salinga karsane | sigêgên kang lumaku | wontên ingkang winuwus malih | nênggih wontên karaman | aran Raja Namrud | umadêg anèng Salinga [13: 62] | wong têngahan lêlêdhok samya ngabêkti | ingakên raja-raja ||
108.005 sira Namrud wus miyarsa warti | lamun Prabu Ing Ngalaga têdhak | badhe ngungsi ing dhèwèke | amêpak wadya sampun | kang têngran umbul-umbul waring | watara cacahira | dêdamêle Namrud | kalih èwu rucah-rucah | sampun budhal amêthuk ing sri bupati | warnanên Natèng Laga ||
108.006 saha bala lampahira prapti | ing Salinga apan uwus panggya | kalawan Sang Namrud age | ya uluk salamipun | ya ta Namrud angrangkul gipih | dhuh sutane pun bapa | babo wong abagus | wong agung bancèr jalarat | mung cacade sawiji kasoran jurit | dhuh bapa eman-eman ||
108.007 angungsia pun bapa kariyin | enggal wayah wus mênang ayuda | mung kari ngeca-ecane | tulus jumênêng ratu | yèn pun bapa milwa adhingin | ayuda lan kang raka | myang Walănda iku | ngong gêtaka bae minggat | sigra ingaturan wau sri bupati | marang kadhatonira ||
108.008 tan kawarna kang anèng ing Mêsir | kawuwusa Prabu Amangkurat | pan sampun prapta lampahe | Kartasura ngadhatun | ya ta wontên caraka prapti | saking Ki Mangkuyuda | tur uninga wau | yèn kang rayi wus kantênan | Natèng Laga nèng Salinga madêg baris | Namrud bêbotohira ||
108.009 dene wadyabala kang angungsir | Mangkuyuda lawan Natayuda | abaris bumi Bagêlèn | ing Parapag atugur | duk miyarsa [13: 63: miyar...sa] sri narapati | alon dènnya ngandika | adhuh ariningsun | Adipati Pugêr sira | lali têmên kêna pambangusing dasih | yèn awèt mangkenea ||
108.010 yêkti awèt rusaking kang bumi | lamun yayi mas awèt suwala | tan eca gon madêg rajèng | sang natagung mirangu | tikbraning tyas amung kang rayi | tan eca nadhah nendra | wau Sang Aprabu | Mangkurat gantya winarna | ingkang wontên Salinga sri narapati | sang Prabu Ing Ngalaga ||
108.011 sira Namrud ingkang ananggupi | anulusna adêgira nata | anirnakna sêsukêre | myang angrurah kadhatun | samangsane Namrud nanggupi | marma ingêla-êla | dènira sang prabu | tinariman kang santana | têtilare Pangeran Silarong swargi | kang kinarya ganjaran ||
108.012 pan kaprênah arine tumuli | dening sira Pangeran Pamênang | marma maludag surane | nanging ta sang aprabu | karsanira magut tumuli | lumaksanèng payudan | nanging sira Namrud | anggung samaya kewala | yèn ingatag budhal tansah năngga krami | lami tanpa wêkasan ||
607–608 dari 1.487