Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 234
51–52 dari 1.487
507–516 dari 14.865
011.017 pinakolih Ki Dilah pakarti | mapan sira kinulawisudha | jinunjung mantri lungguhe | jinênêngakên sampun | Arya Damar sinung nagari | tanah sabrang Palembang | apan dadi ratu | binêktan wadya salêksa | saking Jawa ingakên putra narpati | dibya lan kinasihan ||
011.018 ri sampunnya sasmita rumiyin | kang kocapa Risang Putri Cina | ingaturkên sang natane | dening Raja Cinèku | lêwih ayu citrèng sang putri | yèn ngombe maya-maya | gêdhah isi madu | upama miwaha jênar | yèn adhahar katingal upan-upaning | lir widadari kendran ||
011.019 Brawijaya sukanira ênting | sinêngkakakên Sang Putri Cina | wus dadya grahanira nèm | ing [2: 10] tyas kamulènipun | pramèswari ing Darawati[1] | grahanira kang tuwa | apan ing sih kantun | pramèswari sigra mular | nuhun pêgat ulihna mring yayah wibi | pan ingsun Putri Cêmpa ||
011.020 Brawijaya sigra dènira ngling | ariningwang yèn sira tan arsa | mêmaru Putri Cina gèr | yêkti iku sun tundhung | saking pura ing Maospait | Brawijaya nênurat | saisining kalbu | kawrat nawala nèng patra | wus sinungakên ing Gajahmada Patih | gya tinampan anêmbah ||
011.021 pan widagda Gajahmada Patih | wus uninga ri cipta sang nata | adan lumampah sira ge | ing Garêsik jinujug | Arya Damar kalanirèki | tinundhung mantuk sira | saking Majalangu | ing Garêsik pamondhokan | pan anganti wadine sri narapati | wadine kang kinarsan ||
011.022 sigra prapta Gajahmada Patih | ing Garêsik cundhuk lan Ki Arya | Damar sira nulya lèngsèr | saking palungguhipun | Patih Gajahmada sira ngling | hèh Risang Arya Damar | ulun pan ingutus | dènira sang naradipa | maringakên graha dalêm ri sang aji | kang wijil saking Cina ||
011.023 myang kang surat Prabu Maospait | kinèn matêdhakakên ing sira | nulya tinampan sira ge | mring Arya Damar sampun | ring kang surat binuka aglis | adan nulya winaca | pèngêt layang ingsun | Brawijaya Majalêngka | he Sang Arya Damar sira sun paringi | ri Sang Putri ing Cina ||
011.024 iku aja ko-rowang sarêsmi | lah antinên ing titipan ingwang | ywan uwus [2: 11: u...wus] mêdal putrane | iku karsanirèku | Risang Putri ing Cina nênggih | pan iku grahanira | ywa atahèng ingsun | ri sèsthine prayaningwang | apan kawrat anèng patra kang sun tulis | rampung tata titinya ||
011.025 Arya Damar sigra dènira ngling | hèh Kiyai Patih Gajahmada | matura ing sang nata ge | sêmbah ulun anuwun | karan ulun kandhêg ing Grêsik | alami tan alayar | anganti ing ulun | karsane sri naradipa | rèhning mami ngawula sri narapati | eman ewuh ing lampah ||
011.026 Kyai Patih Gajahmada mulih | dyan lumampah tumamèng nagara | prapta ing Maospaite | ri sang nata kapangguh | Patih Gajahmada turnya ris | hèh risang naradipa | ulun tuwan utus | dhumatêng ing Arya Damar | maringakên sêrat kalawan sang putri | anuwun Arya Damar ||
51–52 dari 1.487

 


Dwarawati (dan di tempat lain). (kembali)