Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 234
60 dari 1.487
591–600 dari 14.865
011.101 Radèn Kusèn tumulya ningali | ngetan bênêr saojana ika | umulat marang kadange | pinggir talaga lungguh | Radèn Kusèn angling ing ati | nyata ika si kakang | ring panduluningsun | yèn ingsun amaranana | ring si kakang manawa ulun dinalih | ingutus dening rama ||
011.102 yêkti kagyat si kakang ing mangkin | manahira anarka maringwang | kinon mring ramaswèng mulèh | yêkti duka mring ulun | Radèn Kusèn mudhun ing siti | nulya sira lumampah | pinaliwat sampun | kira-kira sapandulwan | têbahira Radèn Patah aningali | ywan arinira lintang ||
011.103 pan kawuri Radèn Patah nyèngi | Radèn Kusèn ari marenea | pan ulun ana ring kene | Radèn Kusèn awangsul | amiyarsa kakange angling | mangsah manungsung agya | arinira cundhuk | manêmbah ring kakangira | Radèn Patah nulya sira dèn sungkêmi | manangis arinira ||
011.104 Radèn Patah sigra dènira ngling | ari Kusèn mring êndi karsanya | saur sêmbah Radèn Kusèn | kakang dinukan ingsun | dening ramandika sang aji | dene ulun lênggana | ing karsa sang prabu | kinarya patih tan miyang | ulun iki tinundhung dening rama ji | lunga saking Palembang ||
011.105 mangkin iki tumamèng wanadri | tarkaningwang ulun yèn têkaa | anarka mring Jawa age | ngawulèng Majalangu | Brawijaya dibya ing Jawi | pratama ing rat sabrang | pranata kang mungsuh | ambêk sadu paramarta [2: 28] | sarya boga suta wisesa pan ngadil | Jawa tanpa sisingan ||
011.106 Radèn Patah sigra dènya angling | ari Kusèn mangkono karsanya | ulun milu sira radèn | karsanira sun anut | aywa pisah ari lan mami | parastrorip parênga | kita lawan ulun | anulya parêng lumampah | sampun lêpas ana wong bêbegal kalih | angadhang nèng dêdalan ||
011.107 purwanira bêbotoh kalindhih | ngadu ayam donyanira têlas | malah ing suta swamine | tinohakên pan sampun | anggurangsang manah tan bêcik | dadya begal angêntal | myang saduluripun | pan Supala kang atuwa | arinira apan awasta Supali | manahira lwir buta ||
011.108 pun Supala lawan pun Supali | angêmbat lawung anumbak lêmah | kurang mungsuh ing nityane | anandêr anglir nêmpuh | amrih nir tyas ingkang lumaris | pun Supali gya mojar | maring kakangipun | Kakang Supala ngong mulat | wong lumampah ring ngayun ika kêkalih | yèku yogya malingwang ||
011.109 Radèn Kusèn sigra dènira ngling | Kakang Patah ana wong bêbegal | ing ngayun ika kêkalèh | angadhangi dalanggung | lah ta kakang dèn yatna ugi | mirea ingkang kiwa | ulun apan purun | wong roro angêmbarana | tan antara kang ambêbegal gya prapti | Supali lan Supala ||
011.110 nulya mêgati mring Radèn kêkalih |[1] hèh wong ngêndi roro sira liwat | nèng wanantara ing kene | lan ta sapa jênêngmu [2: 29: jênêng...mu] | Radèn Kusèn nulya sira ngling | lah sira silih sapa | angadhang dalanggung | aja sira salah karya | lah mirea ingsun pan arsa lumaris | aja ngandhêg wong liwat ||
60 dari 1.487

 


Lebih satu suku kata: nulya mêgat mring Radèn kêkalih. (kembali)