Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 234
61–62 dari 1.487
606–615 dari 14.865
011.116 Radèn Patah ciptanirèng ati | aparêng lawan karsaning Suksma | andhatêngi barat gêdhe | ngêsês anginnya umyus | anub wraksa bayu-bajraning | sêmpal pang kaparapal | rug kang kayu apuh | sakèhing wrêksa tan ana | tan antara pun Supala pun Supali | katub dening maruta ||
011.117 mring gêgana Supala Supali | uwus têka anèng madya gantang | saalap-alap gêdhene | lamun sira dinulu | nulya sira salab wulati | tan antara Supala | Supali gya mudhun | tumiba ing wismanira | sarasane lwir kasur sari gumuling | agrah lir kinêpêtan ||
011.118 Radèn Kusèn sigra dènira ngling | Kakang Patah yèn prayoga kita | lah kesah saka ring kene | ing pasisir jumujug | nêdha ngadhang juragan sami | manawa ana liwat | nêdha padha nunut | Radèn Patah kaprayoga | ing ature Radèn Kusèn ingkang rayi | sigra nulya lumampah ||
011.119 radèn kalih sangang dinèng margi | wanantara tan boga tan nendra | angungang gunung ujunge | pasisir pan kadulu | ri kang gunung ngungang jaladri | ujung pan ingunggahan | dening robing ranu | mapan asri katingalan | ri pantêse dadya unggyaning abrangti | radèn kalih kacaryan ||
011.120 tatkala yar prapta anèng [2: 31] giri | Rasyamuka tilasing patapan | ingênggenan radèn kalèh | wrêksa aking angaub | tigang căndra radèn tan gingsir | wrêksa aking apatra | angaubi sampun | ana juragan alayar | ing samodra parahu kandhêg tan gingsir | ki juragan kampita ||
011.121 ki juragan nulya aningali | pinggir ingkang gunung Rasyamuka | ana wong tapa kêkalèh | ki juragan amuwus | yèn kênaa lumampah aglis | palwaningsun alayar | sun marêk sang wiku | kang tapa nèng Rasyamuka | sun abêkti ngaturakên pati urip | nulya obah kang palwa ||
011.122 dan lumampah palwanira aris | ywan janmaa ciptane mangkana | angajak marêk rahadèn | ki juragan amuwus | baya iki karsaning Widi | hèh sakèhing bandhega | nêdha sami biluk | dinunung ring Rasyamuka | tarkaningwang payo marêk ing sang yakti | kang tapèng Rasyamuka ||
011.123 ingkang palwa lumampah lwir angin | sigra praptèng giri Rasyamuka | nulya cinancang pinggire | juragan nulya mudhun | dan sumêngka sira ing ardi | mênggêp narka mahatma | sêdyakêna iku | ciptanira mring rahadyan | nulya tinon Radèn Patah myang kang rayi | manusup wanantara ||
011.124 nulya dhatêng bayu-bajra angin | umyus mêsês manêmpuh ring wrêksa | manawa sêmpal êpange | pokah kayunya êpuh | kaparapal kabèh rug sami | cihnane janma prapta | ampuwan angasut | sigra umangsah juragan | wawang cundhuk kalawan rahadèn kalih | ki juragan gya mojar ||
011.125 hèh [2: 32] sang sadu dibya sira kalih | dening wênang marêka ta sira | anggya ingkang durgamane | Rasyamuka ing gunung | parayangan kalawan êjin | yèn ingkang marikia | dahatira takut | punika anung prayoga | dene kita manusup ta wong kêkalih | ing giri Rasyamuka ||
61–62 dari 1.487