Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 234
62–63 dari 1.487
614–623 dari 14.865
011.124 nulya dhatêng bayu-bajra angin | umyus mêsês manêmpuh ring wrêksa | manawa sêmpal êpange | pokah kayunya êpuh | kaparapal kabèh rug sami | cihnane janma prapta | ampuwan angasut | sigra umangsah juragan | wawang cundhuk kalawan rahadèn kalih | ki juragan gya mojar ||
011.125 hèh [2: 32] sang sadu dibya sira kalih | dening wênang marêka ta sira | anggya ingkang durgamane | Rasyamuka ing gunung | parayangan kalawan êjin | yèn ingkang marikia | dahatira takut | punika anung prayoga | dene kita manusup ta wong kêkalih | ing giri Rasyamuka ||
011.126 lirning baya anung mamêdèni | ing karo duk anèng Rasyamuka | lan isika ing guhwane | sadu raksasa agung | lan liyanya pisaca iki | myang mong sêdhêngnya galak | umungguh ing gunung | lintang kagulung inambah | dening macan kagulung ana ing trêbis | marêngut ri kang monya ||
011.127 Rasyamuka agêng ingkang kali | malwaning lwahnya malungka-lungka | malwa mêloki pêluke | molêk kakolêk kaku | pan kaalêm saraning kali | nulya sira umêntas | katêbèng kang adhuh | ingkang kali dadya bêna | dening ana gajah lan atita iki | madyusirèng walahar ||
011.128 akwèh sing asahasaning asri | kamalakèng pan dadya mungsuhnya | janma ywan munggah ing kene | selanya apan lunyu | yèn ingandêl lèngsèr karikil | yakti janma aniba | kabêntus ing watu | talanya padha anêla | mèsi ula panêmburira amandi | matèni wisanira ||
011.129 sêsukêtan ing gunung miranti | ingkang ngalap aniba kantaka | malah si têka patine | liyan saking pukulun | taman wana têka ing giri | Rasyamuka punika | ing purwaning ulun | marangke munggah parbata | pun juragan wisma ulun pan Garêsik | alayar ing samodra ||
011.130 sapraptane [2: 33: sapra...ptane] samodra ing giri | Rasyamuka kandhêg kang baita | dening ditya ing singite | dadya marêk ing ulun | dhatêng kita ulun ngabêkti | ngaturkên pêjah gêsang | sakarsanira nut | dening kasalat samodra | ulun ika duwe ujar angabêkti | katura kita nyawa ||
011.131 sang pandhita ing pundi purwèki | sangkan kita minggah ing parbata | ing Rasyamuka marangke | sigra mojar sang wiku | kyat ing sarat jênêng narpati | Arya Damar Palembang | sarwa boga agung | salir suta kang wisesa | paramarta ambêk sadu mapan adil | akwèh kang anèng sira ||
011.132 akèh sutanira dibya sêkti | pan ariku anging ulun dhawak | suta kang manda bêgjane | purwanipun tinundhung | dening yayah ulun ing nguni | dening ulun lênggana | ing parintahipun | kinèn gumantia nata | ing Palembang nulya ngong tilar nagari | tumanduk marangkea ||
011.133 ki juragan lamun sira mulih | maring Jawa sun nunut ing sira | samodra nunggang palwane | ki juragan umatur | sukur bagya sang maha yêkti | kita dhatêng ing Jawa | dadia panuntun | wadya Jawa iku mudha | damarana pêtênge manahirèki | kita dadia pandam ||
62–63 dari 1.487