Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 234
52–53 dari 1.487
517–526 dari 14.865
011.027 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Arya Damar mancal | nulya binabar layare | anuju angin timur | dan lumampah palwanira glis | kadya jaran angêrap | ing Palembang rawuh | tumama ing ngabyantara | Arya Damar têtêp umadêg narpati | anèng nagri Palembang ||
8. Radèn Rakmat (Sunan Ngampèldênta)
011.028 ênêngakna ingkang madêg aji | ing Palembang ing Cêmpa kocapa | Makdum Ibrahim putrane | kêkalih samya jalu | kang asêpuh wastanirèki | kêkasih Radèn Rakmat | ri kang [2: 12] anèm wau | Radèn Santri namanira | Rajèng Cêmpa putrane wau winarni | Radèn Burèrèh nama ||
011.029 Radèn Rakmat kang arsa apamit | mring kang paman Sang Raja ing Cêmpa | tansah kalawan arine | Radèn Rakmat gya matur | ring kang paman anuwun pamit | kawula arsa kesah | anuhun pangèstu | arsa dhatêng tanah Jawa | atêtuwi mring uwa ing Maospait | Rajèng Cêmpa ngandika ||
011.030 iya sun lilani sira kaki | anging arinira iku nyawa | sira gawaa karone | saparan aywa kantun | Ki Burèrèh lawan Ki Santri | iku wêwêkas ingwang | ywa na salah dunung | ya ta sampun sinangonan | ri sang putra katiga wus angabêkti | wus umangkat katiga ||
011.031 wus anitih baita lumaris | alayar nêngah mring nuswa Jawa | datan kawarna lampahe | prapta ing Majalangu | dyan cumundhuk ri sang narpati | prapta putra katiga | sukèng tyas kalangkung | pan dahat binoja-boja | tan winarna lamine nèng Maospait | apan sampun sawarsa ||
011.032 kawarnaa apan uwus lami | Rahadèn Rakmat apalakrama | punika antuk putrane | Wilatikta Tumênggung | pan kêkalih putranirèki | Tumênggung Wilatikta | èstri kang pambayun | wasta Ni Gêdhe Manila | apan sampun pinanggihakên ing nguni | kalawan Radèn Rakmat ||
011.033 kang taruna aran Jaka Said | jalu warnane bagus anawang | jangkêp kêkalih putrane | Rahadèn Rakmat wau | wus apamit dhatêng narpati | awisma [2: 13] Ngampèldênta | ênggènnya dhêdhukuh | wau ingkang kawarnaa | Radèn Santri lan Radèn Burèrèh nguni | wus lami palakrama ||
011.034 apan angsal atmajanirèki | Arya Teja kêkalih putranya | sami wanodya putrane | samya yu warnanipun | ingkang sêpuh kalap Dyan Santri | dene ingkang taruna | pan kagraha sampun | dhatêng Rahadèn Burèrèh |[1] radèn kalih apan sami nuhun pamit | dhatêng Sang Brawijaya ||
011.035 pan karsa dhêdhêkah ing Garêsik | radèn kalih wus sami ngidènan | datan warnanên polahe | wus sami adhêdhukuh | radèn kalih anèng Garêsik | wau kang kawarnaa | Molana nyar rawuh | Maulana saking Jullah | apêparab Sèk Walilanang anênggih | jumujug Ngampèldênta ||
011.036 wus apanggih angraosi ngèlmi | lawan Susunan ing Ngampèldênta | Molana lajêng lampahe | angetan lampahipun | Sang Sèk Molana sigra prapti | muara Balambangan | wastane kang dhusun | anênggih ing Purwasata | kalanira Prabu Balambangan mangkin | dawêg gêrah putranya ||
52–53 dari 1.487

 


Biasanya guru lagu a. (kembali)