Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 234
52 dari 1.487
511–520 dari 14.865
011.021 pan widagda Gajahmada Patih | wus uninga ri cipta sang nata | adan lumampah sira ge | ing Garêsik jinujug | Arya Damar kalanirèki | tinundhung mantuk sira | saking Majalangu | ing Garêsik pamondhokan | pan anganti wadine sri narapati | wadine kang kinarsan ||
011.022 sigra prapta Gajahmada Patih | ing Garêsik cundhuk lan Ki Arya | Damar sira nulya lèngsèr | saking palungguhipun | Patih Gajahmada sira ngling | hèh Risang Arya Damar | ulun pan ingutus | dènira sang naradipa | maringakên graha dalêm ri sang aji | kang wijil saking Cina ||
011.023 myang kang surat Prabu Maospait | kinèn matêdhakakên ing sira | nulya tinampan sira ge | mring Arya Damar sampun | ring kang surat binuka aglis | adan nulya winaca | pèngêt layang ingsun | Brawijaya Majalêngka | he Sang Arya Damar sira sun paringi | ri Sang Putri ing Cina ||
011.024 iku aja ko-rowang sarêsmi | lah antinên ing titipan ingwang | ywan uwus [2: 11: u...wus] mêdal putrane | iku karsanirèku | Risang Putri ing Cina nênggih | pan iku grahanira | ywa atahèng ingsun | ri sèsthine prayaningwang | apan kawrat anèng patra kang sun tulis | rampung tata titinya ||
011.025 Arya Damar sigra dènira ngling | hèh Kiyai Patih Gajahmada | matura ing sang nata ge | sêmbah ulun anuwun | karan ulun kandhêg ing Grêsik | alami tan alayar | anganti ing ulun | karsane sri naradipa | rèhning mami ngawula sri narapati | eman ewuh ing lampah ||
011.026 Kyai Patih Gajahmada mulih | dyan lumampah tumamèng nagara | prapta ing Maospaite | ri sang nata kapangguh | Patih Gajahmada turnya ris | hèh risang naradipa | ulun tuwan utus | dhumatêng ing Arya Damar | maringakên sêrat kalawan sang putri | anuwun Arya Damar ||
011.027 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Arya Damar mancal | nulya binabar layare | anuju angin timur | dan lumampah palwanira glis | kadya jaran angêrap | ing Palembang rawuh | tumama ing ngabyantara | Arya Damar têtêp umadêg narpati | anèng nagri Palembang ||
8. Radèn Rakmat (Sunan Ngampèldênta)
011.028 ênêngakna ingkang madêg aji | ing Palembang ing Cêmpa kocapa | Makdum Ibrahim putrane | kêkalih samya jalu | kang asêpuh wastanirèki | kêkasih Radèn Rakmat | ri kang [2: 12] anèm wau | Radèn Santri namanira | Rajèng Cêmpa putrane wau winarni | Radèn Burèrèh nama ||
011.029 Radèn Rakmat kang arsa apamit | mring kang paman Sang Raja ing Cêmpa | tansah kalawan arine | Radèn Rakmat gya matur | ring kang paman anuwun pamit | kawula arsa kesah | anuhun pangèstu | arsa dhatêng tanah Jawa | atêtuwi mring uwa ing Maospait | Rajèng Cêmpa ngandika ||
011.030 iya sun lilani sira kaki | anging arinira iku nyawa | sira gawaa karone | saparan aywa kantun | Ki Burèrèh lawan Ki Santri | iku wêwêkas ingwang | ywa na salah dunung | ya ta sampun sinangonan | ri sang putra katiga wus angabêkti | wus umangkat katiga ||
52 dari 1.487