Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 234
56–57 dari 1.487
559–568 dari 14.865
011.069 lêhêng mangkin jumênênga aji | mumpung ulun mênangi agêsang | măngsa wandea ing têmbe | sutèng ulun puniku | dadi aji ya nyakrawati | Radèn Patah punika | trêsnèng ulun sunu | sun pudya dadia nata | gumantia ring jênêng ingsun narpati | amêngkua byantara ||
011.070 pramèswari Putri Cina angling | sutèng ulun sira Radèn Patah | idhêpên rama ujare | sira dadia ratu | mumpung ulun mênangi urip | arèrèn marang sira | yèn dadia ratu | aeca ingsun anendra | lan abukti yèn sira wus dadi aji | gumantyèng ramanira ||
011.071 Radèn Patah matur ing rama ji | ulun inggih lênggana ing karsa | ywan dadyakêna nata ge | anggantyani ramèku [2: 21: ra...mèku] | dening ulun mudha ring ati | dèrèng wruh ing sasmita | ning bala wadya gung | dadia suka paguywan | lamun ulun gumantia ing narpati | merang jênênging nata ||
011.072 pan jênênging ratu dibya lêwih | apan wikan wilanganing wadya | bala tan wruh sasmitane | marang jênênging ratu | punika ratu kang linuwih | yèn ratu tan mangkana | nistha jênêngipun | pan yêkti wadya sadaya | ngayun-ayun panjênêngan ratu adil | cihna nagara karta ||
011.073 ulun iki dèrèng wruh ing wangsit | ing nagara yêkti dadya nistha | dadi paguywan ing akèh | dening ngong mudha punggung | yêkti awèh surêm nagari | ngadil pan dèrèng wikan | dadya ara-uru | sakèhing wadya sadaya | pan wus wikan ing mudhane sang bupati | ngangge sakarsanira ||
011.074 Arya Damar mênêng tan nauri | ing wacananira Radèn Patah | ambênêri katarkane | myang pramèswarinipun | Putri Cina tan kêna angling | amirsa ing wacana | nira ingkang sunu | Radèn Patah pan prayoga | lwir wong tuwa sêmune pan wus gumanti | mring kang awèh titipan ||
011.075 nahan ujar Arya dan sumilih | Radèn Patah masukêt kang manah | ya taman pasingkabane | sang hyang arka sumurup | ring mangsaning ri têngah wêngi | Radèn Patah kabwatan | dahat nirèng sêmu | nir tyas dutaning akathah | ngangkên-angkên sarira paran bedaning | dadia raja mudha ||
011.076 Radèn Patah glana sandeyaning | manahira anarka yèn prana [2: 22] | winrêga gati têmahe | manah lwir angsa muluk | lamun tinon silab wiyati | ing wêngi ciptanira | kaya satus taun | agring upama lwir wadya | Radèn Patah pan wus wikan sarasaning | kaksana janmotama ||
011.077 Radèn Patah lolos saking puri | kang tinurut ngurung-urung toya | sampus[1] miyos byantarane | andarung lampahipun | cipta suci kang dèn turuti | anawang bawaning lyan | nir deya tan ketung | tumama ing wanantara | iring-iring jurang ajro dèn lampahi | tuban anêmpuh parang ||
011.078 mèh raina sêmu bang hyang rawi | ri kaywan saanane padas wang | sata wana anjêgigèr | mêrak padha anguwuh | yèn janmaa kadya wèh margi | padha tinundha-tundha | aswang pêksi ngênu | myang manu sêca wacana | yèn janmaa unine kadya ngaturi | rahadyan arèrèna ||
56–57 dari 1.487

 


sampun. (kembali)