Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 234
57–58 dari 1.487
563–572 dari 14.865
011.073 ulun iki dèrèng wruh ing wangsit | ing nagara yêkti dadya nistha | dadi paguywan ing akèh | dening ngong mudha punggung | yêkti awèh surêm nagari | ngadil pan dèrèng wikan | dadya ara-uru | sakèhing wadya sadaya | pan wus wikan ing mudhane sang bupati | ngangge sakarsanira ||
011.074 Arya Damar mênêng tan nauri | ing wacananira Radèn Patah | ambênêri katarkane | myang pramèswarinipun | Putri Cina tan kêna angling | amirsa ing wacana | nira ingkang sunu | Radèn Patah pan prayoga | lwir wong tuwa sêmune pan wus gumanti | mring kang awèh titipan ||
011.075 nahan ujar Arya dan sumilih | Radèn Patah masukêt kang manah | ya taman pasingkabane | sang hyang arka sumurup | ring mangsaning ri têngah wêngi | Radèn Patah kabwatan | dahat nirèng sêmu | nir tyas dutaning akathah | ngangkên-angkên sarira paran bedaning | dadia raja mudha ||
011.076 Radèn Patah glana sandeyaning | manahira anarka yèn prana [2: 22] | winrêga gati têmahe | manah lwir angsa muluk | lamun tinon silab wiyati | ing wêngi ciptanira | kaya satus taun | agring upama lwir wadya | Radèn Patah pan wus wikan sarasaning | kaksana janmotama ||
011.077 Radèn Patah lolos saking puri | kang tinurut ngurung-urung toya | sampus[1] miyos byantarane | andarung lampahipun | cipta suci kang dèn turuti | anawang bawaning lyan | nir deya tan ketung | tumama ing wanantara | iring-iring jurang ajro dèn lampahi | tuban anêmpuh parang ||
011.078 mèh raina sêmu bang hyang rawi | ri kaywan saanane padas wang | sata wana anjêgigèr | mêrak padha anguwuh | yèn janmaa kadya wèh margi | padha tinundha-tundha | aswang pêksi ngênu | myang manu sêca wacana | yèn janmaa unine kadya ngaturi | rahadyan arèrèna ||
011.079 apan sakulêm datan kêjêping | yêktya lêswa yogya ararywana | jahning mahning talagane | kadya langit dinulu | kambang tangpas wulan upami | ri kang sêdhêng purnama | kusuma sumawur | wintang tulya padha lumrang | sarineka lwir jaladha gănda wangi | kongas maring rahadyan ||
011.080 tunjung kuncup pan kumumbu sami | padha manêdhêng rêbut mapunjwang | upama ika tangane | marêp nganjali iku | ywan janmaa padha sira ngling | lah ya radyan mulata | kabèh mêkar ulun | lung-lungan ngadhang ing marga | pan rumêmbe yèn janmaa upamaning | padha ngawe ring tangan ||
011.081 kwèh tal magêng ana ring têpining | ing talaga panêdhênging [2: 23: pa...nêdhênging] mêwah | kwèhnya runtuh lir balange | liman alas pan agung | tita nguni madyus ing jyahning | punika ya binalang | ywan janma amuwus | rahadyan manawi rarywan | ing talaga mêmadyus ning jyahni mahning | tal magêng ywan mojara ||
011.082 Radèn Patah rêmên aningali | ring talaga nulya sira raryan | alinggih anèng têpine | kabèh manêdhêng sampun | wohan alas tinon tulya sri | wite sawiji kêmbang | matêng sawohipun | myang nyadham kamaropokan | wohnya ruru agêlar myang kêmbang wangi | adi anèng bantala ||
57–58 dari 1.487

 


sampun. (kembali)