Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 234
58–59 dari 1.487
575–584 dari 14.865
011.085 kayu alas kabèh padha wangi | lwir kalêmbak myang wrêksa candhana | masoyi adas cêngkèhe | kasturi kayu garu | nagasari lawan kêmuning | widasari cêpaka | lawan pacar dadu | andong bang lan kanigara | argulonya gambir kalawan mêlathi | anjrah sêkar sridênta ||
011.086 patalanya lwir salaka [2: 24: sa...laka] putih | karikilnya lir manik pathika | candrakanta myang manike | suryakanta bra murub | mirah nila pakaja êning | intên myang nawarêtna | ujwalanya murub | ing wêngi mulya raina | sang hyang surya kasoran ujwalèng manik | merang marèng ujwala ||
011.087 purwa ri gêng kayu kapur iki | kulitira tumitis gêtihnya | maputih ika warnane | ring suryakanta dhawuh | gêtihira arata êning | pan dadianing dupa | upama kumukus | marbuk minging gănda kongas | yèn janmaa kadya manungsunga ing sih | gănda manub ing radyan ||
011.088 Radèn Patah lwah saking sayati | ciptanira lwir wrêksa candhana | dinina dinandar dumèh | pamangsule mrik arum | dening budi wahya wiyati | kesisan wraning ima | nirmala sumunu | sanityasa tyas sung santa | singlar saking gêlah-gêlah tata suci | byak tyas pasthika maya ||
011.089 sakathahing buron alas sami | pan kampita kênanya malaywa | amirsa marang rahadèn | ing wanantara rawuh | ywan janmaa padha sira ngling | padha-padha satwalas | ngatingal ing ulun | rumêksa ring sira radyan | padha rawuh ywan janmaa magêr sari | ngubêngi Radèn Patah ||
011.090 liman alas limang puluh dyus ing | talaga tarlagèng samya burwan | ataha-taha ring tyase | gadhing inasah gupuh | ri kang watu ri dang mrih lungid | ya ta milu malaywa | tan erang ing lêmu | gya mulat buron akathah | ywan rumêksa ring radyan wus mangubêngi | liman rumêksèng radyan [2: 25] ||
011.091 prapta liman mêndhak manganjali | ywan janmaa matur ing rahadyan | manawi tumanduk age | nitihèng gigir ulun | lawan singa jajare linggih | ing nguni pan nirbaya | lawan gajah atut | myang warak kalawan wagra | padha munya ywan wonga padha sira ngling | madhêp ing karsa radyan ||
011.092 Radyan Patah malandhêp ing ati | aningali wana gung kwèh kênas | munggwing ing wrêksa unggyane | ciptanira atrênyuh | wuwuh dadya subrangtèng ati | panging kayu kawuryan | alurus dinulu | tinampan apan mapanah | putranira aendah upama taji | amanah jajaning lyan ||
011.093 Radèn Patah tinêkan ing Widi | ywan alawas ing saksananira | sampurnane sarirane | subrangtanira nglangut | nulya mudya maring Hyang Widi | hèh bathara kang mulya | tingalana ulun | baya lali duwe wadya | ing jangjine jênênging kawula gusti | tan kenging pisahêna ||
011.094 datatita lingira ing nguni | kang kocapa nagri ing Palembang | Dipati Arya Damare | tatas ing siyang wau | punang cèthi anjrit kapati | kang tunggu pasarean | Radèn Patah suwung | murca saking pagulingan | Radyan Kusèn miyarsa panjriting èstri | tarkanira wus wikan ||
58–59 dari 1.487